Wangsalan
Wangsalan
yaiku unen-unen meh kaya cangkriman, dene tebusane utawa batangane (jawaban)
srana sinandi tegese ora blaka, ora diceplosake. Wujude wangsalan ana lima:
a. Wangsalan lamba
Yaiku
wangsalan kang batangane mung siji.
Tuladha: adegan gara-gara
ana ing ringgit purwa nalikane petruk ngomong “wis Gong, roning mlinjo sampun
sayah nyuwun ngaso, mengko dibacutake maneh,” (roning mlinjo = so = ngaso)
b. Wangsalan memet
Wangsalan
memet iki carane anggone nggoleki batangane ora langsung nanging ambal kaping
pindho.
Tuladha:
“ mbakyu anggone mlaku menyang pasar ora usah kesusu, nguler kembang alon-alon
wae wong iseh peteng.” (nguler kembang = lintah = satitahe = alon-alon).
c. Wagsalan rangkep
Wangsalan
rangkep kuwi batangane luwih saka siji. Umpamane nalikane pranatacara ing
pngkasaning adicara matur, “puput pepuntaning atur kula, jenang sela wader
kalensesondhen, apuranta yen wonten lepat kula.” (jenang sela = apu = apuranta,
wader kalen sesondhen = iwak sepat = lepat).
d. Wangsalan padinan
Wangsalan
kang asring digunakake saben dinane.
Tuladha
wangsalan padinan:
1.
Janur gunung esuk-esuk dolan mrene
Janur
gunung: aren (kadingaren).
2.
Sekar aren, sampun dangu-dangu
(sekar/kembang
aren : dangu)
e. Wangsalan ing tembang
Wangsalan
kang kanggo tembang. Biasane kanggo sing panembrama, arane umpak-umpak. Gerongan,
umpak-umpak, wangsalan diterusake tembang kinanthi Sandhung utawi kinanthi
subakastawa.
Tuladha:
1.
Petis manis, sarining kaca benggala (4+8
wanda/suku kata)
Aja
ngucap yen durung dirasa-rasa (kecap rasa).
2.
Jenangsela, wader kalen sasonderan (4+8
wanda/suku kata)
Apuranta
yen wonten lepat kawula (apu, sepat)
3.
Balung geni, kalong lit kang aneng wisma
(4+8 wanda/suku kata)
Dhuh
pra siswa, ya sinau basa jawa (mawa/mawa, lawa).
Kapetik saking: Modul Semar X-A
Tidak ada komentar:
Posting Komentar