BAB I
PURWAKA
- A. Latar Belakang
Indonesia inggih punika salah satunggaling negari ingkang nduweni
werna-werna kabudayan mula nguri-uri budaya kang wis ana dados
kuwajiban.Supados nilai-nilai pendidikan kang wonten ing kabudayan
punika saged menehi pangertosan dhateng masyarakat babagan ngaurip.Salah sawijining adat istiadat lan kabudayan wonten Indonesia inggih punika Adat Istiadat lan Kabudyan Jawa.
Adat istiadat jawa inggih punika sakabehing tata cara lan padatan
ingkang sampun di uri-uri dening tiyang sepah ingkang sampun turun
temurun saking tiyang sepah ngantos generasi saniki.Mula
saking punika budaya inggih punika salah sawijining bab kang kedah
dipun uri-uri.Kathah sanget manfaat ingkang saged dipunpendhet saking
nguri-uri budaya jawa,salah sawijine inggih punika kangge nyatuake
bangsa.
Adat Istiadat lan Kabudayan Wong Jawa Tengah
Ana werna-werna adat istiadat lan kabudayan kang biasa dianakake
dening wong jawa. Tuladhane: Mupu,mitoni,brokohan,selapan,tedak
siten,ruwatan,khitanan (kanggo bocah lanang),windon,lan sapanunggalane.
Nanging,ana jaman saiki adat istiadat punika sangsaya luntur saka
panggalihe kita minangka wong jawa.Lunture adat istiadat lan kabudayan
punika salah satunggale merga saiki wis ana jaman globalisasi,lan kathah
sanget adat istiadat kang mlebu ana Indonesia.Saking kathahe kabudayan
manca kang mlebu negari kita tanpa anane seleksi utawa saringan kanthi
sae,ndadeake adat istiadat lan kabudayan lokal sangsaya miris. Wong jawa
khususe nduweni pangerten kang kleru marang kabudayan manca.Wong jawa luwih sregep menawa nyinaoni budaya manca, dene budayane dhewek di laliake.Merga
adat istiadat lan kabudayan manca kuwi luwih kepenak lan luwih trend
ana jaman saiki.Tuladhane Adat istiadat lan Kabudayan saka negari
gingseng (Korea), ana wong-wong jawa khususe luwih kapenak dipun tampi
lan dipun sinaoni. Kayata ageman-ageman model korea kuwi wis kathah
sanget ing Indonesia,lan tasih kathah liyane.
Adat Istiadat lan Kabudayan Jawa penting sanget dipun uri-uri,amarga:
1) Kangge nyatuake bangsa lan negari
2) Saged kangge ngenalake paninggalan sejarah lan budaya Jawa
3) Supados kabudayan punika boten ical saking penggalih masyarakat iku dhewek
4) Adat Istiadat lan Kabudayan jawa iku dados identitas wong jawa kuwi dhewek
5) Lan sapanunggalane
- B. Permasalahan
- Adat Istiadat lan Kabudayan Jawa Wonten Zaman saiki ingkang sampun radha tersingkirake
- C. Tujuan
1. Kanggo nguri-uri adat istiadat lan kebudayaan jawa ing zaman modern saiki
2. kanggo aweh pangerten salah
sawijining babagan adat istiadat lan kabudayaan supoyo adat istiadat
lan kabudayaan boten tersingkirake.
BAB II
PEMBAHASAN
Wonten ing makalah punika kita badhe mbahas
babagan Adat Istiadat lan Kabudayan Jawa kang mulai tersingkirkan.
Kasilipun wawan rembug saking kelompok ngenani babagan adat istiadat
lan kabudayaan jawa dipunwedharaken wonten andhap meniko.
Kanggo nguri-uri kabudayaan lan adat istiadat ingkang
ana masyarakat perlu nduweni strategi khusus kanggo nguri-uri kabudayaan
lan adat istiadat jawa inggih menika migunakake cara kang bebarengan,
kabeh masyarakat melu bebarengan nguri-uri kabudayaan lan adat istiadat
wonten ing negari.
BAB III
PEMECAHAN
Cara nangani:
- Kita kedah selektif menawa nampi budaya manca
- Kita minangka generasi muda kedah tresna marang kabudayan jawa
- Kita kedah dados wong jawa kang njawani
- Kita kedah nguri-uri adat istiadat lan kabudayan jawa
- Nyinaoni babagan adat istiadat lan kabudayan jawa kanthi tememen
- Mbangun museum umum yoiku langkah kang nyata ing nguri-nguriake sejarah lan nilai budaya
DUDUTAN
Kita kedah selektif anggenipun nampi budaya manca,lan uga kita kedah
nguri-uri adat istiadat lan budaya jawa supados boten ical amargi adat
istiadat lan kabudayan jawa iku salah sawijining asset kang ora ana tandhingane.Mula adat istiadat lan kabudayan jawa kedah dipun uri-uri awit saniki.
WASANA
Kita aturaken agunging panuwun dhumateng sedhaya pamaos
ingkang sampun kersa maos makalah kita. Mugiya makalah punika saged
menehi manfaat lan bisa nambah wawasan pamaos sedaya lan uga saged
nambahing pengetahuan lan pangerten babagan Adat Istiadat lan
Kabudayaan. Menawi wonten kekirangan lan kelepatan kita nyuwun agunging
samudra pangaksama.
kapetik Saking: https://ningzih15.wordpress.com/2013/03/20/makalah-bahasa-jawa-babagan-adat-istiadat-lan-kabudayan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar