Jumat, 08 Januari 2016

piwulangan "Bab wara-wara"

Bab Wara-Wara
a.      Wara-wara
Wara-wara ingbasa Indonesia jenenge pengumuman. Wara-wara yaiku pawarta wigati (penting) sing kudu digiyarake ig ngarepe wong akeh. Wara-wara iku lumrahe mawartakake sawijining kegiyatan. Isine cekak, nganggo basa kang cetha lan gampang dimangerteni. Wara-wara biasane diarepake kanggo menehi weruh bab kahanan sing wigati, nanging uga bisa kanggo iklan utawa golek tenaga kanggo nyambut gawe. Jenise wara-wara ana loro yaiku:
1.      Wara-wara resmi
Ciri-cirine wara-wara resmi:
a.       Nganggo kop surat kadinasan.
b.      Ana nomer wara-wara
c.       Basa sing digunakake basa sing ringkes, jelas lan resmi
d.      Ana tanda asta utawa stempel saka sing gawe wara-wara

2.      Wara-wara ora resmi
Ciri-cirine wara-wara ora resmi:
a.       Ora nganggo kop surat kedinasan
b.      Ora ana nomer wara-warane
c.       Basa sing digunakake ora resmi utawa basa sedina-dinane

b.      Bab-bab sing kudu dingerteni sadurunge gawe wara-wara:
1.      Nemtokake topik sing digawe
2.      Nemtokake tujuan
3.      Nemtokake isi utawa pokok-pokok
4.      Kanggo sapa wara-wara iku
5.      Nganggo basa sing cocog unggah-ungguhe.
c.       Perangane wara-wara
1.      Judul utawa irah-irahan
2.      Adangiyah utawa salam taklim
3.      Bebuka/pambuka
4.      Surasa basa/isi
5.      Wasana basa/panutup
6.      Panggenan lan titi mangsa
7.      Peprenah/ jabatan
8.      Tapak asma
9.      Asma terang.

Kapetik saking: Modul Semar kelas X-A

Tidak ada komentar:

Posting Komentar