Jumat, 08 Januari 2016

Legenda "kutha Jepara"

Asal Mulane Jeneng Kutha Jepara
Jeneng “Jepara” saka tembung Ujung para, Ujung Mara lan Jumpara sing banjur dadi Jepara, nduweni maksud panggonan kanggo transit bakul sing dodolan neng daerah-daerah utamane ning Jawa. Miturut buku “Sejarah Anyar Dinasti Tang (618-906 M) nyatet yen tahun 674 M ana pawongan musafir Tionghoa sing nduweni jeneng I-Tsing sing tau nekani negeri Holing utawa Kaling utawa Kalingga sing uga disebut Jawa utawa Japa lan diyakini panggonan mau ana ing keling, sak lor wetane kutha Jepara saiki, lan dipimpin banjur Pkaro raja wadon sing nduweni jeneng Ratu Shima kang tersohor tegas. Jepara ngawiti dikenal abad XV (1470 M) minangka bandar perdagangan cilik sing nduweni penduduk kurang luwih 90-100 wong lan dipimpin karo Aryo Timur sing manut pemerintahan Demak. Banjur Aryo Timur diganti karo putrane sing jenenge Pati Unus (1507-1521). Pati Unus nyaba mbangun Jepara dadi kota dagang. Pati Unus kesohor gigih nglawan pejajah Portugis ning Malaka sing dadi mata rantai dagang Nusantara. Banjur Pati unus seda diganti karo ipene Faletehan/Fatahillah sing nguwasa (1521-1536). Banjur ahun 1536 karo penguasa Demak yaiku Sultan Trenggana, Jepara diserahake karo anak lan mantune yaiku Ratna Kencana lan Pangeran Hadirrin. Nanging, Sultan Trenggana ana ing ekspedisi milter ning Panarukan Jawa Timur taun 1546, ana geger gender rebutan tahta kerajaan Demak sing akhire Pangeran Hadirin seda, dipateni Arya Penangsana ana tahun 1459. Sedane wong-wong kang dikasehi dening Ratu Ratna Kencana dadekake Ratu Ratna Kencana banget anggone sedih lan lunga saka istana kanggo Tapa ana ing bukit Danareja, tapa mau dikenal karo Tapa Wuda (tapa telajang) nganti rekamane Ratu Retna Kencana nutupi awake. Sabanjure Arya Penangsang Seda, dipateni dening Suta Wijaya, Ratu Retna Kencana turun saka Tapane lan dilantik dadi penguasa Jepara kanthi gelar NIMAS RATU KALINYAMAT.
Nalika Ratu Kalinyamat dadi Ratu ing Jepara (1549-1576), Jepara ngembang lan makmur dadi bandar niaga, utama neng pulau jawa sing nglayani ekspor impor. Jepara uga dadi pangkalan Angkataan laut sing wis dirintis awit mbiyen saka Kerajaan Demak. Ratu kang nguwasani Jepara, kang wis kesohor gemah ripah loh jinawi merga panggone Jepara wektu kuwi dadi Bandar Niaga sing rame, Ratu Kalinyamat nduweni jiwa Patriotisme anti Penjajah. Sifat iki dibuktekna Ratu Kalinyamat ngirimake armada perange ing Malaka kanggo nggempur Portugis nalikane tahun 1551 lan tahun 1574. Ratu Kalinyamat disegani dening penjajah utamane Portugis nganti penjajah Portugis ngenal Ratu Kalinyamat kanthi wanita sing banget nguwasa lan sugih bandha. Serangan sang Ratu sing gagah iki nglibatake nganti 40 kapal sing isine kurang luwih 5000 wong prajurit. Nanging serangan iki gagal, nalika Prajurit Kalinyamatnyerang darat kanggo ngepung benteng pertahanan Portugis ing Malaka, tentara Portugis karo senjata sing lengkap hasil nggempur tentara Kalinyamat. Nanging semangat patriotisme sang Ratu ora tau luntur lan gumeter ngadepi penjajah bangsa Portugis, sing ning abad 16 iku lagi ana ing puncak kejayaan lan diakui minangka bangsa sing pemberaniing Donya. 24 tahun kapungkur tepate Oktober 1574, sang Ratu Kalinyamat ngirim armada militere sing luwih akeh  ning Malaka.
Ekspedisi militer kaping pindho iki nglbatake 300 kapal, 80 kapal gedhe sing isine 15.000 prajurit pilihan. Armada militer kaping pindho iki dipimpin dening panglimapaling penting ana kerajaan, sing dijuluki Portugis “QULIMO”. Perng kang nglibatake tentara kang akeh iki nganti pirang-pirang wulan uga durung bisa ngusir Portugi saka Malaka nanging ndadekake Portugis wedi an kapok ngadepi Raja wanita saka Jepara iki, kebukti pulau Jawa bebas saka penjajahan Portugis ning abad 16 iku. Minangka peninggalan sejarah saka perang gedhe antarane Jepang lan Portugis, nganti saiki ing Malaka isih ana kompleks kuburan sing dijenengi makam tentara Jawa. Ratu Kalinyamat uga nduweni jasa mbudayakake SENI UKIR sing saiki dadi andalan ekonomi Jepara yaiku campuan seni Majapahit lan seniukir patih badarduwung kang asale saka negri Cina. Miturut catetan sejarah Ratu Kalinyamat seda tahun 1579 lan dimakamake ana ing Desa Mantingan Jepara, ning sebelahe makam garwane Pangeran Hadirin. Amarga Ratu Kalinyamat anggone mimpin kanthi apik lan bijaksana sahingga Jepara daadi kuttha kang makmur, kuat lan mashur sahingga wektu lahire Jepara dijupuk saka wektu Ratu Kalinyamat dinobatake dadi panguasa Jepara sing ngepasi tanggal 10 April 1549. Taun iki kang wis ditandai karo candra sengkala “TRUS KARYA TATANING BUMI” kang angka taune diwaca saka mburi, TRUS nuduhake angka tahun 9, KARYA nudhuhake angka tahun 4, TATANNING nudhuhake angka taun 5, lan BUMI nudhuhake angka taun 1. Dadi taun lahire Jepara yaiku 1549. Saka sengkalan “TRUS KARYA TATANING BUMI” nduweni maksud terus makarya nata bumi (terus bekerja keras membangu Daerah).


Kapetik Saking: Modul Semar X-A

Tidak ada komentar:

Posting Komentar