Jumat, 08 Januari 2016

Bab Ringkesan Wacan

Mangerteni Ringkesan Wacan
Tembung ngringkes wacan mesthi wae wis asring krungu, ning bahasa Indonesia ana sing ngarani Sinopsis (ngringkes). Saliyane tembung ngringkes ana maneh tembung-tembung kang meh padha artine yaiku ringkesan, ikhtsar lan Sinopsis. Biasane akeh sing padha bingung mbedakake. Supaya ora bingung mbedakake, ing gisor iki bisa dijlentrehake:
Ringkesan, yaiku gawe ringkesan nanging tetep nganggo basa pengarange, ora nganggo basane dhewe. dadi ukara-ukarane ora kena diowahi nganggo basa liya, dadi tetep baku nganggo basane pengarang.
Ikhtisar, yaiku gawe ringkesan nanging nganggo basane dhewe. dadi basane pengarang bisa diganti nganggo basane dhewe. Sing penting isine ora owah saka pengarange.
Sinopsis, yaiku ringkesan utawa ikhtisar karya naratif,bisa fiksi utawa non fiksi, sing dimaksud naratif umpamane filem, cerkak, novel, lsp.
Ngringkes wacan saabenere ora susah, mung kudu sregep latihan. Yen sregep malah bisa dadi penulis profesional. Dadi becik banget tumrape para siswa kang lagi sinau supaya bsa ngerti carane ngringkes wacan, sapa ngerti mbesuk bisa dadi penulis temenan.
Kanggo ngringkes wacan kudu ngerti paugeran kayata:
1.      Maca wacan kaggo rep diringkes mau kanthi setiti
2.      Nulis ukara-ukara bakune
3.      Ngronce ukara-ukara baku mau dadi paragraf kang becik lan gampang dimangerteni.


Kapetik saking: Modul Semar X-A

Tidak ada komentar:

Posting Komentar