KENDUREN,
Apa Wis Arep Ilang?
Dening
Arief Mulyana
Saperangan
ahli mastani, agamane wong Jawa sing temenan iku sejatine aran kenduren.
Kenduren, ora beda pokoking ngibadah. Awit kanggone wong Jawa, kabeh perkara
kang ana gadheng cenenge karo lakuning urip, wiwit ceprot jabang bayi nganti
tekan matine, kalebu prastawa liyane, kayata nggawe omah, lulus sekolah,
ketampa nyambut gawe, kudu dikendureni. Upacara kenduren mono ancase kanggo
nggayuh kesalmetan. Muga kenduren uga kasebut keslametan. Wong kang wus
glekasanani upacara wujud kenduren mau, adate banjur rada ayem lan tentrem
atine. Pancen kabeh mau gumantung kepercayaan pribadine dhewe-dhewe.
Miturut Herusatoto (1991), kenduren iku kalebu
perangan tindakan simbolis tumrape wong Jawa kanggo memuji lan nggayuh
kaslametan. Apa kang dadi tatacara, ubarampe lan lakuning upacara kenduren
sejatine mung medhia simbolis kanggo nglairake pepinginan utawa panyuwunan
marang Dzat Kang Luwih Kuwasa. Dadi, yen ditelusuri tenan, kenduren iku kalebu
wujuding ibadah tumraping wong Jawa kang ngleksanani upacara mau, dadi kaya
kaya dene donga.
Sejatine
kapan kenduren wiwit ditindakake denig wog jawa? Tekan saiki ora ana wong kang
ngerti kanthi premati. Sing cetha, tradisi mau tinggalane para leluhur wiwit
kuna-makuna. Nalika para ahli nyiarake agama islam ing tanah Jawa (abad 14-15),
wujud lan mantrane kenduren diowahi, diganti lan dicedhakake marang cara islam.
Mula sing kaleksanan saiki, kabeh dongane adate nganggo donga-donga islam saka
Qur’an utawa Hadist. Dadi kenduren saiki mono sejatine wis ora muni kaya jaman
semana wis owah. Apa maneh jamane wis moderen kaya saiki.
Kapetik
Saking: Modul Semar X-A ( Kalawarti Sempulur No.2 Edisi September 2002)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar