Tanggap Wacana utawa Sesorah
Tanggap wacana (sambutan) lan khotbah iku kalebi jinising sesorah
utawa medharsabda. Mulane kuwi, syarat, tata cara lan metode kang
kagunakake padha karo sesorah. Sing mbedakake among ancas utawa
tujuwane. Medharsabda utawa sesorah nduweni tujuwan medharake isining
adicara kanthi cetha wela-wela, terang trawaca; dene yen tanggap wacana
kalebu jinising sesorah sing medharake atur panuwun lan sebab-sebab
adicara kuwi diadani/dianakake. Gampange, tanggap wacana kuwi among
nyambut lan ndherekake para panyarta tumuju ing babagan inti/wos kanga
rep dirembug. Dene sesorah kuwiwis medharake babagan kang wos utawa
inti.
Ing ngisor iki teori babagan sesorah.
A. Werdinipun Sesorah
Micara, sesorah, utawi pidhato, uga sinebut medharsabda
yakuwi nglairake gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana
sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing
pari-polahing wong sing mujudake polahing tumindak , kalebu obahing
awak, pasuryan, rasa-pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi
panindaking micara sawenehing wong bias ora lumaku kanthi apik, amarga
ora ana wong urip sing sampurna. Mula sesorah kudu digladhi, tansah
nyinau sarta nulad para priyayi singwis limpat. Wong pancen sesorah sing
apik kuwi ora saderma ngapalake.
Menawa mangkono, sawenehing pawongan sing kapatah dadi panata titi
laksana kuwi uga kalebu pawongan sesorah utawa pidhato, ananging beda
jejibahane. Bias trampil sesorah kuwi kudune sregep sinau lan seneng
gladhen.
B. Jinising Sesorah
1. Sesorah kanthi cara apalan/memoriter
Sesorah kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan
utawa tulisan luwih dhisik banjur diapalake nganti ora ana
tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora ana panemu-panemu
anyarrasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajronong cathetan sing
wis digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen, bisa njalari kabeh
apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan
utawa bocahh-bocah sing nembe ajar pidhato.
2. Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskrip
Sesorah utawa pidhato cara naskah utawa teks kuwi juru pamedhar sabda
kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku
biasane digunakake para pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana
upacara-upacara resmi. Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tjuan
sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates. Dene yen ana
rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana
ing acara sarasehan utawa temu wicara.
3. Sesorah kanthi cara dadakan utawa impromtu
Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora kkanyana-nyana sadurunge.
Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu
pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe.
Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.
4. Sesorah kanthi cara ekstemporan
Sesorah cara iki, juru pamedharsabda kudu ngasta cathetan cilik
(outline) minangka gaman utawa pangeling-eling urutaning isi sing bakal
kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati sing arep
diwedharake. Cara iki biasa digunakake dening dwija kang arep mulang ana
ing sangareping muride.
C. Cengkorongan Sesorah
1. salam pambuka
2. atur puji syukur marang Pangeran
3. atur kasugengan, kairing atur panuwun
4. wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah
5. atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhin)
6. panutuping atur/salam.
Kapetik Saking: https://penthilpelem.wordpress.com/pembelajaran-bahasa-jawa/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar