Cerkak
(Cerita Cekak)
* Ciri-cirine
cerkak:
a.
Ceritane sakeplasan (dirungokake sepisan
langsung tamat)
b.
Isine padhet (ringkes)
c.
Isine crita ngemot pitutur, kritik,
piweling lan pasemon
d.
Basane mentes
e.
Alur mung siji.
* Unsur
intrinsik cerkak:
1.
Underan (tema crita)
Underan
yaiku pokok masalahe crita utawa lelandhesan utawa dasar crita.
2.
Paraga lan watak paraga (lakon)
Paraga
uatawa kang diceritakake. Paraga iku ana kang sipate becik lan ana uga kang
sipate ala. Dene watake paraga (lakon) iku bisa kanggo mbedakake lako siji lan
sijine. Dene cara kanggo nggambarake watake lakon bisa kanthi lumantar ing
ngisor iki, yaiku:
a. Katrangan
langsung sing diandharake pangripta jroning crita
b. Lumantar
caturan utawa pirembugan (dialog) ing antarane para paraga.
c. Kalakuan,
tumindhak. Lan kadadean-kadadean sing dialami paraga.
3.
Padunungan, wektu, lan swasana crita
(latar,setting)
Latar
yaiku unsur kang ana gegayutane karo panggonan, wektu, ingkungan sosial, lan
swasana kang ndhasari kedadean ing crita iku.
4.
Alur crita (plot)
Rantamane
crita sing sinambung mbentuk crita. Alur kebentuk kanthi urutan kadadeyan
saengga mbentuk alur maju, alur sorot balik (flash back) lan campuran antarane
alur maju lan alur sorot balik.
a.
Alur maju yaiku, urutane crita saka
kedadean kang wis kapungkur maju ing kedadean saiki.
b.
Alur sorot balik yaiku, urutane crita
saka kedadean saiki mundur ing kedadean kang wis kapungkur.
Rangkalane kedadean
sing mbentuk alur dibagi tahap-tahap alur sing diwiwiti saka:
a.
Paparane crita (pemaparan)
b.
Critane wiwit ana masalah (perumitan)
c.
Ana masalah antarane paraga (konflik)
d.
Masalah luwih gawwat (klimaks)
e.
Pungkasane crita lan carane nyelesaiake
masalah ing paripurnane crita
-
Happy ending: ing paripurnane crita
nyenengake
-
Sad ending: paripurnane crita ora
nyenegake utawa nyedihake
5.
Pamawas (sudut ending)
Sudut
pandang yaiku carane pangripta netepake awakke ing crita. Yen pangripta melu
ing sajroning kedadean sing dicritakake, tegese pangripta kalebu pamawas (sudut
pandang) wong kapisan: pangripta cerkak bisa uga dadi paraga utama bisa uga
paraga tambahan (sampingan). Menawa pangripta amung nyritakake wong liya lan
dheweke ora dilibatake ing sajroning crita, tegese dhewe nggunakake pamawas
(sudut pandang) wong katelu.
6.
Busananing basa (gaya bahasa)
Busananing
basa yaiku basa ing digunakake pangripta sajroning nyusun
7.
Amanat (ancas)
Amanat
yaiku pepeling kang kinandhut ing crita iku utawa pesen pangripta marang
pamaca. Pepeling utawa pesen iku arupa ajaran moral utawa pendhidhikan.*
* Unsur
ekstrinsik, yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjabane cerkak, kang
mangaribawani ing antarane:
a. Agama
b. Ekonomi
c. Sosial
d. Pendhidhikan
e. Budaya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar