Jumat, 08 Januari 2016

Piwulangan "jenis-jenis karangan"

Jenising Paragraf dalam Suatu Karangan
A.   A. Maca Wacan Bab Budaya
Menawa kepengen dadi wong sing pinter syarate kudu asring maca. Maca bisa nambah kawruh, akeh banget ilmu kang ana ing buku, mulane ana unen-unen sing unine yen “buku minangka jendhelane donya” merga maca bisa mangerteni kedadean-kedadean kang ana ing donya, lan akeh banget manfaat liyane, mula tumrape siswa kang lagi padha sinau, wis dadi kewajibane menawa kudu asring maca supaya tambah kawruhe.
Miturut wujud karangan wacan iku kaperang dadi papat, yaiku: karangan deskripsi, argumentasi, eksposisi, lan narasi.
1.      Argumentasi, yaiku karangan kang mbudidaya ngowahi panemune wong liya supaya percaya lan akhire tumindak jumbuh karo apa kang dikarepake penulis. Kanthi argumentasi penulis ngrakit kasunyatan nganggo argumen-argumen kanggo mbuktekake yen paemune mau bener apa ora.
2.      Deskripsi, yaiku wujud kanrangan kang isine nggambarake bab kang wis dideleng utawa dirungokake.
3.      Eksposisi, yaiku kanrangan kang njlentrehake sawijining proses. Ancase karangan eksposisi yaiku maparake utawa njlentrehake informasi supaya pemaos bisa nampa isine andharan mau. Wacana eksposisi lumrahe digunakake kanggo mbabarake kawruh utawa ilmu.
4.      Narasi, yaiku wacana kang nyritakake prastawa kanthi cethaa rerangening tumindhak ing kedadeyan iku.
5.      Persuasi, yaiku karangan kang ancase supaya wong tumindak jumbuh karo kang dikarepake dening pengarang.

B.     B. Sing kudu digatekake nalika gawe karangan:
1.    1.Nemtokake tema
2.   2.Milih irah-irahan (judul). Judul becike nganggo tembung sing becik, cakak aos, narik kawigaten sing maca.
3.   3. Basane sing becik
4. 4. Ukarane runtut (urut trep lakuning crita), yen ora runtut bisa gawe sing maca bingung, ora ngerti karepe apa isine karangan
5.   5.Tulisan sing cetha, ora kaeh orek-orekan
6.   6. Antarane tema, judul lan isi tansah sesambungan, cocok (jumbuh)
7.   7. Sadurunge ngarang bisa kanthi gawe cekorongan (kerangka). 
k



k

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar