Rumangsa Dadi Pambeda
Dening: Istiqomah
Aku
lahir saka kandhungane ibuku. Semana uga adhiku. Aku diwenehi jeneng wong
tuwaku Lina, adhiku diwenehi jeneng Rika. Aku pancen bedha karo adhiku, akeh
wong sing ngarani yen adhiku kuwi ndablek, kurang pinter lan ora gelem mbantu
wong tuwa. Beda karo aku, aku luwih seneng neng ngomah mbiyantu wong tuwaku lan
sinau. Saben bali sekolah aku resik-resik omah supaya yen ibuku bali kerja omah
wis katon resik. Nanging yen adhiku, bali sekolah dheweke langsung dolan karo kancane.
Wiwit
cilik senajan aku kurang perhatiane wong tuwaku, nanging aku pengerten marang
wong tuwaku. Aku pancen ora seuntung kaya adhiku, yen kawit cilik diopeni
dening bapak lan ibuku. Pancen dasare Rika kuwi bocah manja, mula nalika lulus
TK lan arep mlebu SD, dhweke ngalami kendala. Wis mlebu SD, Rika wedi marang guru
SD ne, banjur Rika njaluk Ibuku kanggo ngancani olehe sekolah. Durung ana
seminggu sekolah, Rika njaluk pindah sekolah menyang sekolahan Madrasah
Ibtidaiyah seng jarake lumayan adoh saka omah, nanging Rika ora gelem ditinggal
marang ibuku, dheweke tetep njaluk Ibuku kanggo ngancani sekolahe, kaya ngono
kuwi dilakoni Rika lan Ibuku suwene rong taun, nganti Rika rampung kelas loro
MI direwangi ibu ora kerja. Bibar kelas loro kuwi, Rika diwenehi ngerti dening
ibu yen, mbiyen aku sekolah wiwit cilik tumeka gedhe ora pernah njaluk
dikancani ibu. Ibu uga kandha yen mbiyen aku sekolah tanpa diperhatekna luwih
saka ibuku. Beda karo apa sing dilakoni karo Rika. Krungu kandhane ibu kaya
ngono, Rika banjur gelem mangkat sekolah dhewe.
“
Rik, awakmu wis gedhe, wis kelas loro MI. Ora pantes yen ibu ngancani sekolah
awakmu terus-terusan, mundhak dadi wong bodho ndhuk”. Kandhane ibu marang Rika.
“
Inggih bu, nanging kula taksih wedi bu”.
“
Sing nok wedeni apa ta ndhuk?”
“
Boten ngertos bu, nanging kula boten purun yen ibu boten ngancani kula
sekolah”.
“
Ora ana sing perlu diwedeni Rik, Gurumu ora bakal nyeneni awakmu, wis ta, aku
njaluk tulung ndhuk, ibu ora bisa kerja yen awakmu kaya ngene terus. Mbiyen
mbakyumu Lina nalika sekolah ya ora tau kaya ngene. Mangkat sekolah ya dhewe,
dheweke bisa sinau mandiri senajan mbiyen jarang tak perhatekna. Dadi awakmu
kudu niru mbakyumu”.
“
Inggih bu, kula janji kula boten usah dikancani ibu malih sekolahe. Mangga yen
ibu badhe kerja”.
Krungu
pirembagane ibu lan Rika. Aku dadi krasa ora penak lan mesakke karo Rika. Aku
rumangsa dadi pambedane Rika. Ibu yen ngandani Rika mesthi nuladhanke aku.
Saben dina ora pernah keri olehe nesu marang Rika. Nganti kadhang Rika nangis
yen kena nesu saka ibu. Nanging kabeh kuwi merga polahe Rika sing ora kena
diatur.
Nalika
aku SMP, Rika isih ana ing bangku MI. ana ing SMP, aku sinau nganti temenan
merga aku kepengen gawe seneng wong tuwaku. Olehku sinau senajan ora bisa entuk
rangking siji tumeka telu, nanging paling ora aku kalebu lima besar utawa
sepuluh besar. Beda karo Rika, yen olehe sekolah bijine sering elek merga ora
gelem sinau. Nganti aku lan ibuku kesel olehe ngandani Rika. Wong wadon nanging
ndablege ora ketulungan.
Rampung
SMP, aku banjur mlebu SMA. Aku tetep mlebu SMA, merga kepengenanku kawit cilik
yen aku kepengen mlebu SMA, dudu MA lan SMK. Lan Alhamdulillah banget, wiwit
SMP nganti tekan SMA gusti paring gampang olehe golek ilmu. Aku wenehi beasiswa
dening Gusti. Beasiswa kuwi nganti aku rampung SMA. Nalika SMA aku uga ora
ketinggalan melu organisasi merga aku dudu wong sing seneng nganggur. Aku luwih
seneng golek pengalaman ketimbang dolan sing ora jelas. Mula, ibuku sering
ngomong marang aku yen aku kudu bisa mbagi waktu. Wektu sinau karo organisasi.
Semana uga tak lakoni karo kerja ana ing omahe mbak diyah anake Budhe. Aku
kerja seminggu sepisan kanggo nyetrikake sandhange mbak diyah uga mbantu-mbantu
gaweane. Lan kadang uga diprentah budhe kanggo ngeterake budhe menyang pasar.
kuwi tak lakoni merga aku kepengin ngurangi bebane wong tuwaku sing nyekolahake
aku lan Rika.
Nanging
kabeh apa sing taak lakoni ora namung kepengin dialem ibu lan bapakku. Aku
nglakoni kuwi kabeh merga aku kepengen nyenengake wong tuwa lan ora kepengin
gawe gelaning atine ibu lan bapak. Mungkin, merga kabeh pakaryanku kuwi ibuku
dadi nduweni pikiran yen aku beda karo Rika. Mula, sikape ibu marang aku beda
karo sikape ibu marag Rika.
Ing
sawijining dina, aku kepengin tuku sepatu nanging dhuwit tabunganku durung
cukup kanggo tuku sepatu sing tak pengenna kuwi. Ibu banjur menehi duwit marang
aku kanggo nambah kurange tuku sepatu merga sepatu kuwi arep tak gawe lomba
gerak jalan ing kabupaten. Tanpa ngendikan dawa-dawa, ibu banjur menehi dhuwit.
Nanging beda karo Rika. Nalika tas sekolahe Rika wis rusak, dheweke matur
marang ibu yen tase wis rusak, ibuku ora nduwei sikap sing padha nalika aku
matur marang ibuk. Ora ngerti kenapa kabeh kuwi kadadean.
“
Ibu, ngenjang kula badhe lomba wonten kabupaten. Ananging sepatune kula sampun
rusak, lajeng badhe tumbas sepatu nangig arta tabungan kula dereng cekap”.
Kandhane Lina marang Ibune.
“
sesok nek ibu nduwe duwit tak tambahi ndhuk”.
“
Inggih bu, matur nuwun”.
“ Bu, tase nggih sampun
rusak, kula kepengen tumbas tas bu”. Kandhane Rika marang ibune.
“ ibu durung nduwe
duwit Rik, sesok sesok nek mbakyumu bar tuku sepatu, gantian awakmu”.
Rika banjur nesu
menyang kamar.
Kahanan kaya ngono kuwi sing ndadekake atiku miris.
Sebenere aku uga mesakke marang Rika, merga sikappambedane ibu marang aku karo
Rika. Nanging aku ora kepengen sikape ibu sing kaya ngono kuwi kadrung suwe.
Usahaku kanggo menehi ngerti Ibu yen Rika karo aku ora ana bedane. kabeh padha,
nanging merga sikape ibu sing beda, Rika banjur tan saya ora bisa dikandani.
Semana
uga karo Rika. Aku menehi ngerti marang Rika, yen aja dadi bocah sing gawe gela
wong tuwa, nanging kudu bisa nggawe senenge wong tuwa.
“
Rika, mbak nyuwun tulung banget karo awakmu, tulung sikapmu sing ndableg kuwi
diubah”.
“
Aku wis usaha ngubah mbak, nanging saben dina kabeh sing tak lakoni ing
pandhangane ibu kuwi salah, dadi aku bingung aku kudu kepiye. Saben dina entuk
nesu saka ibu, aku di beda-bedakna karo sampean. Apa ibu kuwi ora sayang karo
aku mbak?”. Tembunge rika marang Lina karo tetangisan.
“
awakmu salah Rik, kabeh kuwi merga ibu ora pengen awakmu dadi wong bodho. Ibu
kepengen awakmu kuwi nduweni tanggung jawab. Mula, yen awakmu ora kepengen
entuk nesu saka ibu, ayo sinau bareng-bareng carane gawe seneg ibu lan bapak
Rik”.
Wiwit pirembugan kuwi Rika karo Lina banjur pada akrab
lan kompak olehe nyenengake wong tuwane. Rika sing mbiyen ndablek lan kesed,
saiki wis bisa ngilangake sifat elek kuwi. Ngerteni yen lelprone kuwi padha
akur lan padha disiplin, ibu Darsi wis bisa ngurangi nesune marang Rika. Sikap
pambedane senajan isih dilakoni bu Darsi, nangin Lina, ora kepengen gawe lara
atine Rika merga dheweke sayang marang adhine.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar