Jumat, 08 Januari 2016

Cerkak "pamilih kang agawe kaprah"

Pamilih Kang Agawe Kaprah
Dening: Istiqomah
Jaman semana aku durung ngerti apa kuwi donya, merga aku isih cilik. Aku isih seneng nglakoni urip nganggo caraku sing isih polos. Nanging merga aku gelem sinau aku bisa ngerti lan paham apa kuwi urip ing donya. Aku diwenehi wong tuwaku jeneng Anita Pratiwi, nanging wiwit cilik aku diundang Tiwi.
Nalika umur limang taun aku wis mlebu SD, merga jaman semana ana ing kampungku jarang bocah saumuranku mlebu TK. Wektu kuwi aku wis kepengin banget sekolah, weroh kanca-kanca mulih lan mangkat sekolah lewat latar omah, kepengenanku kanggo mlebu sekolah tan saya gedhe. Banjur aku dilebokake wong tuwaku mlebu sekolah kelas siji SD.
Wiwit cilik aku wis ditinggal wong tuwaku nyambut gawe. Bapak lan ibukku nyambut gawe wiwit esuk tumeka sore. Aku dititipake marang budheku nganti aku lulus SD. Angel banget kanggo weruh bapak lan ibukku , merga yen ibukku mangkat kerja aku isih turu lan yen ibukku entuk lemburan mulihe bengi aku wis turu. Mula, supaya aku ora kesepen, aku dititipake marang budheku. Budhe Murti jenenge. Aku wis dianggep marang budheku kaya anakke dhewe, nganti anak-anake budhe pada iri marang aku. Budheku kuwi saben dinane namung dodol es keliling lan tukang nggaweni kasur.
Ing sawijining dina, sajroning budhe Murti nggawe kasur aku diwenehi wejangan.
“ ndhuk, sok yen awakmu dadi wong sukses aja nganti lali marng budhe ya ndhuk”, tembunge budhe marang aku
“ mboten ah budhe, budhe Murti sampun kula anggep tiyang sepuhe kula, ingkang sampun ngrawat kula ngantos kula ageng”,
“ Budhe kepengen weruh ponakakne budhe pada dadi sarjana kaya masmu sing saiki wus dadi PNS. Aja nganti awakmu kalah karo mas, pokoke awakmu kudu sekolah sing duwur ya ndhuk”,
“ inggih Budhe, ingsyaallah, Tiwi kepengen ndamel bangga bapak ibuk kaliyan budhe ingkang sampun ngrawat Tiwi, Tiwi janji budhe”.
Wejangane budhe Murti sing nggawe aku tan saya semangat kanggo golek ilmu. Nalika SD aku wis duwe kepengenan kanggo nglanjutake sekolah maneh marang SMP. Aku kepengen mlebu sekolah sing negri merga, SD negri, SMP negri lan SMA uga negri. Bapak ibukku nyaranake aku kanggo mlebu MTS nanging aku ora gelem, merga kenapa aku uga ora ngerti. SMP wis lulus aku kepengen nglanjutake menyang SMA. Nanging kepengenane ibukku, aku disaranake mlebu SMK supaya mengko yen lulus bisa langsung entuk gaweyan, semana uga aku nolak, merga aku tetep kepengen mlebu SMA. Aku kepengen mujudakae cita-citaku dadi guru basa jawa, merga aku seneng banget pelajaran basa jawa. Guru SMP ku ssing jenenge bu Musa, sing nggawe aku termotivasi kanggo aku dadi guru basa jawa.
Nalika mlebu SMA, aku ora bisa mlebu SMA sing negri, aku mung bisa mlebu SMA swasta ana ing kecamatanku. Nanging niatku ora bakal luntur, senajan aku mung bisa mlebu ing SMA swasta, senajan keluargaku ora kabeh ndukung yen aku mlebu SMA iki merga latar belakange beda, nanging aku kudu tetep bisa sinau sing sregep. Aku percaya, sekolah iki bisa nggawe aku tambah pinter yen aku temen nglakonine. aku janji marang awakku yen aku bakal temen olehku nglakoni sekolah.
Wiwit kelas siji SMA, aku wis melu lomba-lomba tingkat kecamatan lan kabupaten, utamane lomba LBB. Aku uga melu organisasi ana ing SMA, organisasi OSIS, nanging ing SMAku arane IPM merga SMAku SMA Muhammadiyah, kejaba kuwi pramuka uga tak eloni. Dasare aku pancen seneng organisasi mula kabeh organisasi ing SMA tak eloni. Mulih sore saben ddina tak lakoni merga kegiatan kuwi wis biasa. Nalika kelas loro SMA aku lan kanca-kanca organisasi wis dipercaya kanggo ngajar pramuka ing SMA lan SMP. Lakonku ana ing SMA tak lakoni nganggo niat sing tulus merga aku ora kepengin nggawe sia-sia olehku sekolah.
Munggah kelas telu SMA aku ditakoni kanca-kanca lan guru-guru SMA bakal nglanjutake menyang perguruan negri ngendi, nanging aku isih binging arep nglanjutke kuliah apa ora. Nyawang perekonoman keluargaku niatku kanggo kuliah rada kendo. Semono uga bapk lan ibukku sing wis ngendikn yen panjenengane wis rada kuwalangen kanggo nyekolahake aku menyang perguruan tinggi. Ati lan pikiranku dadi semrawut, aku kudu kepiye, mula aku njaluk saran marang guruku sing wis tak anggep kaya kancaku dhewe merga saking rakete olehku srawung. Asmane Bu Lila.
“ Bu lila, kula kepengin cerita kalih panjenengan”,
“ Cerita apa ndhuk, ceritao, kepiye? Ana apa?”, jawabe bu Lila.
“ Bu kula kepengen bangen kuliyah, anangin kathah sanget alanganipun bu”,
“ alangan apa ta ndhuk? Aja di gawe bingung, kabeh kuwi merga ati lan niatmu dhewe ndhuk, sing bisa nggawe sukse kuwi ya awakmu”.
“ nggih bu kula ngertos ananging tiyang sepuhe kula boten ngijinaken kula kangge kuliyah amarga panjenenganipun sampun boten sanggup mbiayani kula kuliyah bu”,
“ ndhuk, kuliah kuwi ana beasiswa, awakmu coba daftar beasiswa bidikmisi, kuwi awakmu ora bayar kuliah nanging malah dibayari”,
“ saestu saged bu?”
“ iya ndhuk, wis… saiki ora usa sedih maneh, di coba daftar disik, lan coba wong tuwamu ditembungi sing alus, percayaa ndhuk, yen niatmu becik mesthi bakal ana dalane”.
“ inggih bu, matur nuwun sanget bu Lila”. Tembungku marang bu Lila sajak rada lega.
Sawuse pirembugan karo bu Lila, aku rada lega. Kanca-kancaku uga ndukung yen aku nglanjutake kuliyah, merga dheweke pada percaya yen aku nduweni niat becik. Nanging salegane atiku, aku uga isih nyimpen rasa was-was merga aku isih mikir karo tembunge wong tuwaku. Senajan mengkana, aku isih nduweni kanca-kanca sing paring semangat marang aku, isih nduweni guru-guruku sing paring motivasi marang aku.Iki wis dalanku kenapa aku mlebu SMA swasta, merga aku arep ditemokake marang wong-wong sing nduweni jiwa pahlawan. Saben lakuku, aku terus didampingi kanca-kancaku, semana uga dongane wong tuwaku. Aku percaya, aku bisa nglewati pacoban iki.
Nalika wayah pendaftaran kuliyah, aku diwenehi ngerti marang guruku yen saiki wis wayahe ndaftar kuliah. Aku disaranake kancaku mlebu UNNES, yen aku kepengen njupuk basa jawa. Mula, aku ya manut wae, dasare aku ora up date marang informasi kaya ngana. Daftar kuliah bareng karo kanca-kancaku sing uga pada kepengin mlebu kuliah, ora liya ya uga jalur beasiswa. Senajan beda prodi lan universitase, nanging pada tulung tinulung marang siji lan sijine kanggo mlebu kuliyah.Aku daftar kuliah tanpa nembung bapak lan ibukku maneh. Aku namung bisa pasrah, yen aku ketrima kuliyah jalur beasiswa ya tak jupuk, nanging yen ora ya ora tak jupuk merga alesan biaya.
Sinambi ngenteni pengumuman kuliyah, aku golek gawean kanggo mbiyantu pengahasilan. Nalika semana aku diwenehi brosur sing intine golek karyawan dadi sekretaris ana ing sawijining perusahaan cilik. Ora pikir suwe aku enggal tak jupuk lan enggal-enggal gawe surat lamaran pekerjaan sarta ngumpulake persyaratan liyane. Esuke, aku langsung mara menyang kantor sing di tulis ana ing brosur kuwi. Bareng tekan kana, aku diwawancarai karo managere banjur langsung di kon kerja. Informasi kuwi tak sampekna marang wong tuwaku, yen aku ketrima kerja ana ing perusahaan kuwi, nanging sadurunge aku kudu di traning suwene seminggu. Krungu mengkana kuwi, ibuku ngijinake aku karo ati abot merga aku kudu manggon ana ing mess.
“ buk, aku ketrima kerja wonten ing perusahaan cilik ing Jepara, nyuwun pangestune nggih bu?, tembungku karo wajah lesu.
“ ketrima dadi apa ndhuk?”,
“ dereng ngertos bu, mangke enjing kula badhe dipun training dangunipun setunggal minggu, ananging kula dipun suwun kaliyan managere manggen wonten ing mess bu”,
  berarti awakmu bakal manggon neng kana ndhuk?”,
“ inggih bu, nyuwun pangestunipun nggih bu?”.
“ iya ndhuk, sing ati-ati, aja lali ngabari, awake dijaga sing ati-ati!”.
“ inggih bu”.
Kanthi ijine ibu, aku banjur mangkat menyang panggonan kerjaku. Nanging, apa sing tak bayangake kuwi salah kaprah, kabeh sing ditulis ana ing brosur kuwi namung iming-iming. Jebul aku namung dikon kerja dadi sales prooduk kesehatan. Nalika dina pertama aku kerja, aku ditelpon saka sekolahan yen aku ketrima kuliyah ing UNNES jalur SNMPTN. “ ya Allah, rencanane gusti luar biasa”, ujarku karo tangis. Nalika aku wis ketrima kerja lan lagi pertama mlebu kerja, aku malah ketrima kuliyah. Gelem ora gelem aku kudu mara ing sekolahanku kanggo ngurus kuliyahku. Nanging, apa sing tak karepke kuwi durung dadi rejekiku, aku ketrima kuliyah nanging dudu jalur beasiswa. “ Gusti, paringano pinunjuk marang pamilihku Gusti…”. Panjalukku marang Gusti. Aku bingung kudu matur piye marng wong tuwaku, gelem ora gelem kuwi kudu dak lakoni merga kesempatan kuwi ora bisa diulangi maneh.
Nalika semana, aku njaluk saran maraang guruku Bu Lila.
“ Bu, kados pundi bu Lila niki?”
“ piye ndhuk?”.
“ badhe kula pundhut menapa boten kesempatanipun?, ananging tiyang sepuh kula boten saged mbiyayai kula bu,” tembungu karo tangis marang bu Lila.
“ ngene ndhuk, iki kesempatan sing diwenehake saka UNNES marang sekolahane dewe sing nomer loro, yen kesempatan iki ora nok jupuk, mula kepercayaan marang sekolahane dhewe bakal musna ndhuk, cobo wong tuwamu ditembungi maneh, aku percaya awaakmu bisa ndhuk”,
“ kula nggih paham bu, naging biayanipun kados pundi?”
“ wis ora usa dipikir masalah biaya, mengko mesthi ana dalane”.
Nalika kuwi, aku banjur marang wong tuwaku yen aku ketrima ana ing Unnes, nanging dudu jalur beasiswa.
“ Pak Buk, kula ketrima kuliyah wonten ings UNNES jurusan bahasa jawa, anaging boten jalur beasiswa buk”, tembungku karo tangis.
“ ya Allah ndhuk, awakmu ketrima kuliyah? Ibuk ora nduwe apa-apa ndhuk kanggo mbayar kuliyah”.
“ ngapunten sanget ggih bu, kula namung saged ngerpoti ibuk kaliyan bapak, nanging niki hadiah saking Gusti Allah arupi kesempatan kangge kula bu, kula kepengen sanget kuliyah, kula kepenging mujudaken cita-cita kula bu”,
“ yen awakmu temen kepengen kuliyah, ibuk ingsyaallah tak niati kanggo nyekolahake awakmu ndhuk”,
“ matur nuwun sanget buk pak, kula janji, kula bakal kuliyah sing temenan buk, kula janji”.
Wiwit kuwi, olehku kerja namung entuk sawulan kerja, banjur aku metu saka panggeweyan kuwi merga aku wis ora kuwat marang gaweyane lan alesan liya aku ketrima kuliyah.
Saka tembunge bapak lan ibuk babagan kesaguhan babagan kuliyah, panjenengane banjur bingung olehe golek duwit kanggo mbayar semesteran. Aku namung bisa nangis. “Gusti, paringano gampang gusti, paringano rejeki Gusti”. Weruh wong tuwaku ig rana-rene golek dhuwit, aku mara menyang omahe mbak ika, ponakane ibu. Ana ing kana aku cerita sakabehane. Mbak Ika uga paring dukungan marang aku, lan dheweke janji yen arep mbantu mbayar kuliyahku. Krungu tembunge mbak Ika kuwi, ati lan pikirku rada lega. “ Alhamdullah Gusti, sampun paring pitulungan”.
Wiwit kuwi, aku wis bisa mebu kuliyah. Dina-dinaku ing kana tak lakoni kanthi temen. Nanging sing dadi pikir ing atiku, nalika arep semester anyar. Aku saben bengi nagis, ngerti wong tuwaku golek utang kanggo mbayar semesteraku. Kabeh kuwi dilakoni kanthi ikhlas tanpa nunjukake rasa sedih ing ngarepku. Nalika aku matur yen sesok wayah mbaayar semesteran, wong tuwaku tetep bisa njawab.
“ Buk, mangke enjing wancinipun mbayar semesteran, kados pundi? Ibuk sampun gadah arata menapa dereng?” aturku kanthi wajah lesu.
“ uwis ndhuk, ibuk wis nduwe dhuwit, wis… ora usa dipikir, bapak ibuk wis nyepakno dhuwit kanggone mbayar kuliyahmu”.
Jawaban kuwi bener apa ora aku ora ngerti. Nanging, nalika aku krungu ngendikane bapak lan ibukku, kabeh kuwi namung kanggo nggawe atiku ayem supaya aku ora dadi pikiran. Esuke, aku wis diwenehi dhuwit bapakku.
 “ ya Allah, oleh saka ngendi pak artanipun?”.
  kuwi urusane bapak lan ibukmu, enggal dibayarake, mengko mundha ora bisa ngisi KRS”.
Kaya ngana kuwi usahane wong tuwaku marang anake supaya bisa nggawe atiku seneng. Aku ora ngerti, pamilihku iki pamilih sing becik apa ora?. Merga aku, wong tuwaku wis susah payah golek dhuwit kanggo mbiayai olehku kuliyah, merga aku, wong tuwaku wis rana-rene golek utang uga kanggo mbayar kuliyahku. Nanging, kabeh kuwi sing gawe aku tan saya semangat golek ilmu supaya bisa nggaw bungah wong tuwaku semana uga budhe Murti. Aku bakal mbuktekake yen pamilihku iki beciik, dudu pamilih kang gawe kaprah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar