Panggenan
Wisata lan Tradisi ing Kitha Jepara
Jepara
menika satuggaling Kabupaten ing Jawa Tengah. Jepara misuwuripun kaliyan
ukir-ukiranipun sahingga Jepara dipunsebat kaliyan nami Jepara Kitha Ukir.
Ananging boten namung ukir-ukranipun ingkang misuwur, Jepara ugi nggadhahi
pinten-pintn panggenan wisata ugi taradisinipun. Tuladhanipun panggenan wisata
ingkang wonten ing desa Plajan Kec.Pakis Aji Kab.Jepara. desa menika
nggadhahi kathah panggenan wisata,
sahingga dipunwastani ”Plajan Desa Wisata”. Panggenan wisata menika
antawisipun, akar seribu, goa sakti, ugi gong perdamaian dunia. Akar seribu
menika panggenan wisata ingkang wonten wit-witan ingang kathah, ananging wonten
stunggal wit ingkang ageng sanget ugi nggadhahi oyot ingkang kathah, mila dipun
sebat akar seribu. Lajeng Goa sakti, goa sakti menika panggenan wisata ingkang
rikala jaman rumiyin kathah kewan waletipun ingkang manggen wonten ing goa
menika, lajeng waletipun ndadosaken pitedos dening masyarkat bilih walet menika
saged ndadosaken tiyang sugih. Mila, kengeng menapa dipunwastani Goa Sakti?
Amargi, walet ingkang manggen wonten ing goa menika saged ndadosaken tiyang
sugih. Wontn malih Gong Perdamaian dunia, menika panggenn wisata ingkang wonten
gongipun, ananging gong menika boten gong gamelan ingkng dipunginakaken dening
pengrawit, ananging gong menika gong ingkang ageng sanget lajeng wonten gambar
gendera sedunia.
Kejawi
panggenan wisata, Jepara ugi nggadhahi pinten-ointen tradisi. Wonten ingkang
naminipun tradisi apitan. Apitan inggih menika tradisi ndamel apem ingang
kalampahan wonten ing wulan apit. Jenisipun apem menika wonten kalih, wonten
ingkang dipunbungkus godhong gedhang kados conthong lajeng dipundang naminipun
apem conthong. Wonten ingkang dipungoreng wujudipun bunder naminipun apem
goreng. Apem ingkang sampun dipun damel, lajeng dipun beta dhateng masjid
saperlu dipundongani sesarengan. Sasampunipun dipundongani, apem menika wonten
ingkang dipun paringaken kaliyan tangga teparo wonten ingkang dipun pasang ing
sapinggiripun lawang. Perkawis menika ndadosaken pitados dening masyarakat
bilih babagan menika saged ngicalaken sedaya tolak balak.
Sasanesipun
apitan, wonten malih tradisi ing kitha Jepara ingkang naminipun kupatan utawi
bada alit. Wonten malih tradisi ing kitha Jepara ingkang naminipun kupatan,
kupatan inggih menika, tradisi ndamel kupat kalian lepet. Lajeng dipunsebat bada
alit amargi tradisi menika kalampahan wonten ing wulan sawal setunggal minggu
sasampunipun bada idul fitri utawa bada ageng. Kupat kaliyan lepet ingkang
sampun dipundamel menika lajeng dipunbeta dhateng masjid saperlu dipundongani
sesarengan. Sami kaliyan apitan, kupat aliyan lepet menika dipunpasang wonten
sapinggiripun lawang lajeng ingkang nggadhahi kewan lan kendaraan sami
dipunparingi kupat kaliyan lepet menika. Ancasipun supados sedaya ingkang dipun
gadhahi menika saged slamet ugi boten wonten bebayanipun. Wekdal kupaan menika
sami dipunginakaken dening masyarakat Jepara kangge tetindakan dhateg pangenan
wisata kangge mengeti dinten kupatan menika. Kados mekaten panggenan wisata ugi
tradisi ingkang kalampahan ing kitha Jepara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar