Jumat, 08 Januari 2016

Omah Adat Jawa

Omah Adat Jawa
Omah tradisonal Jawa nduweni fungsi lan filosofis dhewe-dhewe kang kudu di mangerteni lan diuri-uri.
Jaman saiki omah adat Jawa wus sangsaya ditinggalake amarga pola pikir kang dijumbuhake kalian kahanane jaman, dadi memper yen jaman saiki omah adat Jawa wus arang-arang diweruhi , masyarakat luwih seneng manggon neng rusun lan apartemen. Kahanan kaya mangkana amarga jaman saiki papan panggonan wis ora wiyar utawa ombo kaya jaman dhisek dadi konsep bangunane migunakake konsep minimalis. Menawa kahanan kaya mangkana saya suwe ora mokal yen generasi sateruse ora ngerti lan ora kenal kebudayakane dhewe utamane omah adat Jawa, kamangka saka kabudayan sing akeh sejarah, makna lan filosofi kang gedhe manfaate.
Masyarakat Jawa nalika mbangun omah mesthi wae dibarengi kanthi donga-donga, slametan syukuran lsp, supaya kang manggoni nemoni ketentreman, slamet lan wilujeng. Omah adat Jawa nduweni tata ruang kang unik lan nduweni fungsi lan makna dhewe-dhewe.
1.      Teras utawa pendapa
Teras utawa pendapa manggone ana ing ngarep, fungsi utamane kanggo nanmpa tamu, bangunan pendapa iki saben dinane kabuka lan tanpa sekat (aling-aling), biasane kanggo kumpul bareng utawa kanggo musyawarah ngrampungi perkara, mangoni ning ngarep pisan. Kahanan iki nduweni filosofi yen masyarakat Jawa seneng musyawarah, seneng njaga karukunan, lan kabuka marang sapa wae tanpa aling-aling. Pendapa minangka ruang umum kang sapa wae oleh mlebu.
2.      Pringgitan
Pringgitan asale saka tembung ringgitkang artine wayang, sabenere ruangan iki isih kalebu ruang umum kang biasane gunane kanggo nangga wayang utawa nalikane nganakake upacara tradisional.
3.      Dalem Agung
Bentuke kotak segi empat kang disekat, dalem agung minangka bagian omah kang paling penting, kang kadadean saka kamar kanggo turu. Dalem Agung ii nduweni filosofi senajan saomah nanging isih dipisahake krobangan, ateges senajan saomah nanging isih nduweni bab-bab kang manawa ora pantes dingertei keluarga liyane ora kudu dikandhakake maneh nanging disimpen utawa dirahasiakake.
4.      Krobangan
Kang kaya wus dikandhakake ing dhuwur krobongan minangka pembates kamar kanggo turu lan minangka ruangan kang istimewa, fungsi utamane yaiku kanggo nyimpen pusaka kang nduweni kekuatan magis, biasane uga kanggo ndonga marang Gusti utawa semedi. Ing ruangan iki uga ana patung nganten kang mralambangake kesuburan lan kabagyan ing keluarga. Ruangan iki uga minangka simbol kanggo nggambarake penghormatan kanggo Dewi Sri kang dipercaya Dewi kesuburan ing alam donya.
5.      Gandhok utawa Pawon/pekawin
Pawon manggone ana omah kang paling mburi, pawon minangka panggonan omah kang paling penting lann ora kena disepelekake fungsi lan kegunaane. Fungsi uutamane kanggo masak. Ruangan iki kagolong panggonan kang pribadi. Kamar adus lan wcbiasae uga ana ing bagian mburi. Pawon nduweni makna anane keseimbangan antarane bab pawon biasane manggon ana ing mburi lan bentuka dawa saka kiwa reng nengen. Fungsine kanggo masak lan kamar adus. Senajan katon sederhana, nanging nduweni nilai sakral. Sawuse ngerteni babagan kabudayan lan kerohanian, manawa wus bisa nyeimbangake antarane babb rokhani kuwi lagi bisa diarani urip kang sempurna.


Kapetik Saking: Modul Semar X-A  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar