Jumat, 08 Januari 2016

Artikel "adat Jawa"

MANTU
Mantu ditegesi duwe gawe ngomah-omahake putra-putrine sing wis dewasa. Diarani ngomah-omahake sebab nyawijekake putrine (prawan) karo jejaka, banjur manggon ana sawijining panggonan utawa saomah lan urip bebarengan ing madyaning masyarakat. Manunggaling prawan jejaka ana ing bebrayan bisa mawohake kabagyan, kamulyan lan putra utawa anak sing bakal nerusake keturunane. Manut tata cara jawa, sadurunge mantu, diwiwiti rerangkening tata cara, yaiku:
a.      Lamaran:
Lamaran iku rerangken tata cara nalika wong tuwane jejaka sowan ing wong tuwane bocah wadon sing dituju dadi jodhone, sing arep padha bebesanan rembugan bab sesambungan para putrane disekseni kulawarga lan sanak sedulur.
b.      Paningset lan lambing kalpika (tukar cincin)
Yen lamaran wis ditampa, banjur calon besan nemtokake wektu kanggo tata cara paningsetan kanthi lambang kalpika, lumrahe uga dikantheni piranti liyyane umpamane dhuwit, sandhangan (jarit/rok, klambi), mas-masan (gelang, alung, suweng, lsp), jajanan (jadah, wajik, jenang, roti), who-wohan (gedhang, jeruk, nanas, salak, apel, lsp), urip-uripan (ayam, bebek, banyak, lsp). Kabeh mau minangka lambang lan wujud tanggung jawab sing bakal ditindhakake calon penganten kakung marang calon garwane lan kulawargane, kudu nyukupi sandhang pangan lan ubarampe kanggo panguripane, sawise tata cara lamaran, banjur ditindakake tata cara upacara mantu.
Tata cara upacara mantu kayata:
a.       Pasang tarub
Tarub, kerata basane ditata supaya katon murub. Maknane yen arep nampa tamu lumrah nata panggonan supaya katon becik, diwenehi rerenggan supaya endah lumrahe direnggani janur kuning. (janur = sejatine nur/cahaya).
b.      Buwangan
Sing dibuwang takir (panjang ilang) isi kacang-kacangan, bumbon (bumbu pawon), rajangan daging, dhuwit receh. Kabeh mau minangka lambang mbuwang sakabehing sukerta, lan pepalang supaya pakaryan sing ditindakake ora ana alangan.
c.       Pasang tuwuhan
Tuwuhan tegese maneka warna tanduran sing ditata ing tarub, wujude gedhang suluhsetundhun, cengkir gadhing, tebu, godhong (kluwih, alang-alang, ringin)pari sawuli, lsp. Maknane supaya temanten bisa nuwuhake urip mulya, dadi tuladhaning kulawarga).


d.      Siraman
Siraman ditindakake sedina sedurunge upacara dhaup (nikah) ancase calon penganten resik lair lan batine, ditindakake para sesepuhing temanten.
e.       Midodareni
Midodareni saka tembung widadari, maknane supaya calon penganten endahing warna kaya widadari, sadurunge upacara nikah. Sawise tata upacara iku katindhakake banjur ditindhakake upacara pawiwahahan utawa pahargyan. Pawiwahan (ijab lan upacara panggih), Ngayogyakarta lan Surakarta, sing mbedakake ing paes penganten lan tata carane panggih. Bab iki bakal diandharake ing kalodhangan candhake.


Kapetik Saking: Modul Semar X-A

Tidak ada komentar:

Posting Komentar