Jumat, 08 Januari 2016

Piwulang "bab Geguritan"

Geguritan
Geguritan yaiku salah sawijining wujud kasusaatran jawa gagrag anyar ingkang nggadhahi cakrik mirunggan. Geguritan saiki wis ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis ana pangaribawaning jaman, saengga geguritan saiki wis beda karo gurit jaman mbiyen, tegese wis mardika. Titikane guritan yaiku ora kawengku ing pathokan, migunakake tembung-tembung kang pinilih, cacahe larik ora katamtokake, sajak pungkasane bebas ora mardika, ora nggunakake basa padinan, arang-arang nggunakake tembung pangiket, migunakake tembung kawi, isine menthes, lan migunakake purwakanthi basa, swara lan sastra.
Carane nulis geguritan yaiku nemtokake tema, milih tetembungan kang mentes, endah lan cekak, menehi irah-irahan kang jumbuh karo isine geguritan.
v  Titikane geguritan:
a.       Ora kawengku ing pathokan
b.      Migunakake tembung-tembung kang pinilih
c.       Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
d.       Mentes.
v  Geguritan iku dibedakake dadi 2 yaiku:
a.       Guritan kuna, dene guritan kuna nduweni pathokan:
-          Diwiwiti tembung sun gegurit
-          Cacahe wanda saben sagatra padha
-          Tibaning swara ing pungkasan gatra runtut
b.      Guritan anyar utawa geguritan, dene geguritan nduweni pathokan:
-          Cacahe gatra tanpa wilangan
-          Cacahe wanda saben gatra uga bebas
-          Tibane swara uga ora digatekake
-          Mentingake pemilihane tembung kang mentes
-          Ora nganggo tembung sun gegurit.

Kapetik Saking: Modul Semar X-A


Tidak ada komentar:

Posting Komentar