Jumat, 08 Januari 2016

Cerita Wayang "Ramajaya"

RAMAJAYA
Ramajaya utawa Ramalegawa iku putrane Prabu Dasarata ing Ayodya. Rama iku putrane Dewi Raga utawa Sakasalya minangka prameswarine Prabu Dasarata. Garwane Rama putri saka Negaaraa Mantili aran Dewi Sinta, sing dimenangake nalika ana syaebara menthang langkap (gendewa) ing Mantili.
Sawise karma, Rama lan Sinta bali menyang Ayodya, didherekake Laksamana utawa Lesmana iku adhine Rama, sing lair saka garwa asma Dewi Sumitrawati. Sedulur liyane yaiku Batara saka ibu Dewi Kekayi.
Saemene Ramawijaya minanga putra saka garwa Prameswari sing bakal dadi Ratu ngganti kalenggahane Ramane. Nanging nalika Dewi Kekayi dipundhut garwa dening Dasarata duwe panyuwunan supaya putrane besuk sing dadi Ratu. Dasarata janji bakal ngabulake panyuwunane. Mula nalika Dasarata wis sepuh lan arep misudha Rama minangka Ratu ing Ayodya, Dewi Kekayi nagih janji, supaya Barata sing dadi Ratu.
Rama katundhung lunga lan kudu nindhakake ukum buwang ing alas, kadherakake Sinta lan Lesmana. Njalari sungkawaning penggalih Dasarata lan njalari sedane.
Nalika ing alas Dhandhaka, Sinta dicidra Dasamuka digawa ing Alengka arep didadekake prameswarine, nanging Sinta ora gelem, tetep nuhoni dadi wanitatama, setya karya garwa. Rama dibiyantu Anoman (putrane Dewi Anjani) minangka senapati lan pamane aran Sugriwa Raja Guwa Kiskendha lan Wadyabala Wanara nglurug perang ing Alengka njaluk baline Sinta. Rama bisa ngalahake Dasamuka, nanging Dasamuka luput ing pati, senajan dipateni bola-bali yen awake isih ngambah lemah, banjur urip maneh, amarga duwe aji pancasona. Mula nalika dipanah Rama nganggo panah Gunawijaya banjur ragane dibruki gunung dening Anoman.
Ngalengka kalah, bubrah, Sinta banjur nyawiji karo garwane lan peputra Kusa lan Lawa mapan ing kratone sing ana ing pucuking gunung Maliawan aran Negara Pancawati.


Kapetik Saking: Modul Semar X-A

Tidak ada komentar:

Posting Komentar