Sabtu, 09 Januari 2016

Makalah Adat dan Istiadat Jawa

BAB I
PURWAKA
  1. A.   Latar Belakang
Indonesia inggih punika salah satunggaling negari ingkang nduweni werna-werna kabudayan mula nguri-uri budaya kang wis ana dados kuwajiban.Supados nilai-nilai pendidikan kang wonten ing kabudayan punika  saged menehi pangertosan dhateng masyarakat babagan ngaurip.Salah sawijining adat istiadat lan kabudayan wonten Indonesia inggih punika Adat Istiadat lan Kabudyan Jawa. Adat istiadat jawa inggih punika sakabehing tata cara lan padatan ingkang  sampun di uri-uri dening tiyang sepah ingkang sampun turun temurun saking tiyang sepah ngantos generasi saniki.Mula saking punika budaya inggih punika salah sawijining bab kang kedah dipun uri-uri.Kathah sanget manfaat ingkang saged dipunpendhet  saking nguri-uri budaya jawa,salah sawijine inggih punika kangge nyatuake bangsa.
Adat Istiadat lan Kabudayan Wong Jawa Tengah
Ana werna-werna adat istiadat lan kabudayan kang biasa dianakake dening wong jawa. Tuladhane: Mupu,mitoni,brokohan,selapan,tedak siten,ruwatan,khitanan (kanggo bocah lanang),windon,lan sapanunggalane.
Nanging,ana  jaman saiki adat istiadat punika sangsaya luntur saka panggalihe kita minangka wong jawa.Lunture adat istiadat lan kabudayan punika salah satunggale merga saiki wis ana jaman globalisasi,lan kathah sanget adat istiadat kang mlebu ana Indonesia.Saking kathahe kabudayan manca kang mlebu negari kita tanpa anane seleksi utawa saringan kanthi sae,ndadeake adat istiadat lan kabudayan lokal sangsaya miris. Wong jawa khususe nduweni  pangerten kang kleru marang kabudayan manca.Wong  jawa luwih sregep menawa nyinaoni budaya manca, dene budayane dhewek di laliake.Merga adat istiadat lan kabudayan manca kuwi luwih kepenak lan luwih trend ana jaman saiki.Tuladhane Adat istiadat lan Kabudayan saka negari gingseng (Korea), ana wong-wong jawa khususe luwih kapenak dipun tampi lan dipun sinaoni. Kayata ageman-ageman model korea kuwi wis kathah sanget ing Indonesia,lan tasih kathah liyane.

Adat Istiadat lan Kabudayan Jawa penting sanget dipun uri-uri,amarga:
1)      Kangge nyatuake bangsa lan negari
2)      Saged kangge ngenalake paninggalan sejarah lan budaya Jawa
3)      Supados kabudayan punika boten ical saking penggalih masyarakat iku dhewek
4)      Adat Istiadat lan Kabudayan jawa iku dados identitas wong jawa kuwi dhewek
5)      Lan sapanunggalane


  1. B.   Permasalahan
  2. Adat Istiadat lan Kabudayan Jawa Wonten Zaman saiki ingkang sampun radha tersingkirake

  1. C.   Tujuan
1. Kanggo nguri-uri adat istiadat lan kebudayaan jawa ing zaman modern saiki
2. kanggo  aweh pangerten salah sawijining  babagan adat istiadat lan kabudayaan supoyo adat istiadat lan kabudayaan boten tersingkirake.

                                                                         BAB II
PEMBAHASAN

              Wonten ing makalah punika kita badhe mbahas babagan Adat Istiadat lan Kabudayan Jawa kang mulai tersingkirkan.  Kasilipun wawan rembug saking kelompok ngenani babagan adat istiadat  lan kabudayaan jawa dipunwedharaken wonten andhap meniko.
              Kanggo nguri-uri kabudayaan lan adat istiadat ingkang ana masyarakat perlu nduweni strategi khusus kanggo nguri-uri kabudayaan lan adat istiadat jawa inggih menika migunakake cara kang bebarengan, kabeh masyarakat melu bebarengan nguri-uri kabudayaan lan adat istiadat wonten ing negari.

BAB III
PEMECAHAN
Cara nangani:
  1. Kita kedah selektif menawa nampi budaya manca
  2. Kita minangka generasi muda kedah tresna marang kabudayan jawa
  3. Kita kedah dados wong jawa kang njawani
  4. Kita kedah nguri-uri adat istiadat lan kabudayan jawa
  5. Nyinaoni babagan adat istiadat lan kabudayan  jawa kanthi tememen
  6.  Mbangun museum umum yoiku langkah kang nyata ing nguri-nguriake sejarah lan nilai budaya

DUDUTAN
Kita kedah selektif anggenipun nampi budaya manca,lan uga kita kedah nguri-uri adat istiadat lan budaya jawa supados boten ical amargi adat istiadat lan kabudayan jawa iku salah sawijining asset kang ora ana tandhingane.Mula adat istiadat lan kabudayan jawa kedah dipun uri-uri awit saniki.

 
WASANA

       Kita aturaken agunging panuwun dhumateng sedhaya pamaos ingkang sampun kersa maos makalah kita. Mugiya makalah punika saged menehi manfaat lan bisa nambah wawasan pamaos sedaya lan uga saged nambahing pengetahuan lan pangerten babagan Adat Istiadat lan Kabudayaan. Menawi wonten kekirangan lan kelepatan kita nyuwun agunging samudra pangaksama.


kapetik Saking:  https://ningzih15.wordpress.com/2013/03/20/makalah-bahasa-jawa-babagan-adat-istiadat-lan-kabudayan

Piwulang Sesorah

Tanggap Wacana utawa Sesorah

Tanggap wacana (sambutan) lan khotbah iku kalebi jinising sesorah utawa medharsabda. Mulane kuwi, syarat, tata cara lan metode kang kagunakake padha karo sesorah. Sing mbedakake among ancas utawa tujuwane. Medharsabda utawa sesorah nduweni tujuwan medharake isining adicara kanthi cetha wela-wela, terang trawaca; dene yen tanggap wacana kalebu jinising sesorah sing medharake atur panuwun lan sebab-sebab adicara kuwi diadani/dianakake. Gampange, tanggap wacana kuwi among nyambut lan ndherekake para panyarta tumuju ing babagan inti/wos kanga rep dirembug. Dene sesorah kuwiwis medharake babagan kang wos utawa inti.
Ing ngisor iki teori babagan sesorah.

A. Werdinipun Sesorah
Micara, sesorah, utawi pidhato, uga sinebut medharsabda yakuwi nglairake gagasan, panemu, utawa osiking ati sarana lisan ana sangarepe pawongan akeh. Tumindak micara kuwi kalebu sakabehing pari-polahing wong sing mujudake polahing tumindak , kalebu obahing awak, pasuryan, rasa-pangrasa sarta jiwaning manungsa. Mula kuwi panindaking micara sawenehing wong bias ora lumaku kanthi apik, amarga ora ana wong urip sing sampurna. Mula sesorah kudu digladhi, tansah nyinau sarta nulad para priyayi singwis limpat. Wong pancen sesorah sing apik kuwi ora saderma ngapalake.
Menawa mangkono, sawenehing pawongan sing kapatah dadi panata titi laksana kuwi uga kalebu pawongan sesorah utawa pidhato, ananging beda jejibahane. Bias trampil sesorah kuwi kudune sregep sinau lan seneng gladhen.

B. Jinising Sesorah
1. Sesorah kanthi cara apalan/memoriter
Sesorah kanthi cara iki, juru pamedhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih dhisik banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ora ana panemu-panemu anyarrasa-pangrasa amarga wis tinulis kabeh ana sajronong cathetan sing wis digawe. Mung wae, yen ana apalan kang kelalen, bisa njalari kabeh apalan kang wis dilakoni ilang. Cara iki mung digunakake kanggo pawongan utawa bocahh-bocah sing nembe ajar pidhato.

2. Sesorah kanthi cara naskah/teks/manuskrip
Sesorah utawa pidhato cara naskah utawa teks kuwi juru pamedhar sabda kudu ngasta naskah nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para pejabat utawa punggawaning negari, mligine ana upacara-upacara resmi. Kanthi ancas supaya ora mlenceng karo tjuan sakawit, ora kliru lan wektu kang sumadya winates. Dene yen ana rembug-rembug liyane antaraning pejabat lan masyarakat diterusake ana ing acara sarasehan utawa temu wicara.

3. Sesorah kanthi cara dadakan utawa impromtu
Pidhato cara dadakan kuwi, pidhato sing ora kkanyana-nyana sadurunge. Mula saka kuwi, pawongan sing tinanggenah sesorah kanthi cara iki kudu pawongan sing wis trampil ing pamicara lan sugih pengalaman uga kawruhe. Kepara pawongan mau wis kalebu ahli sesorah.

4. Sesorah kanthi cara ekstemporan
Sesorah cara iki, juru pamedharsabda kudu ngasta cathetan cilik (outline) minangka gaman utawa pangeling-eling urutaning isi sing bakal kawedharake. Cathetan mau mung isi wos-wosing gati sing arep diwedharake. Cara iki biasa digunakake dening dwija kang arep mulang ana ing sangareping muride.

C. Cengkorongan Sesorah
1. salam pambuka
2. atur puji syukur marang Pangeran
3. atur kasugengan, kairing atur panuwun
4. wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah
5. atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhin)
6. panutuping atur/salam.


Kapetik Saking: https://penthilpelem.wordpress.com/pembelajaran-bahasa-jawa/

Artikel Kabudayan Jawa "Blangkon"

Artike Jawa Ngenani Babagan "Blangkon"
Artikel kebudayaan Jawa - Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatiné wujud modhèrn lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap. (miturut Wikipedia)

Ing jaman modern iki blangkon ono ing masyarakat Yogyakarta khususe gunungkidul uwes mulai ilang seka pikiran masyarakat. Blangkon seng uwes suwe dadi budaya warga jawa iki, mulai kegiles karo topi-topi seng dadi trend ing kalangan muda-mudi.

 Nek arep weroh jinis-jinis blangkon iso mbok woco ing ngisor iki:

Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon antara liya:


1.    Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trèpès).

2.    Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
3.    Blangkon Kedhu.
4.    Blangkon Banyumas.
5.    Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.

Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané. 

 
Ing pikiranne para mudha jaman saiki, nganggo blangkon iku koyo ndadeke deweke tambah katrok, cupu, ketinggalan jaman lan sak liyan-liyane. Ningo nek awake dewe nganggo. Podo wae wes melu nglestarekake budaya jawa. Dadi ora eneng seng jenenge wong jowo ilang jawane.

Kenapa ora? Neng Daerah Istimewa Yogyakarta netapke dino blangkon saben minggune. Umpamane dino setu dadi dino blangkon, dadi saben dina setu bocah-bocah seklah do nganggo blangkon seko SD, SMP, SMK, lan SMA. Dadine para pelajar ing kutho Yogyakarta duwe kekhasan karo kutho-kutho liyane.


Aku nduwe pepinginan supoyo sesok blangkon iso dadi barang sing ora mung diweruhi  wong Yogyakarta tok. Ningo bisa diweruhi ing mata internasional. Dadine ora mung dingo warga Indonesia ningo warga mancanegar.


Kapetik Saking: http://gungkid.blogspot.co.id/2013/02/artikel-bahasa-jawa-tentang-kebudayaan_1.html

Jumat, 08 Januari 2016

Cerita Wayang "Puntadewa"


Raden Puntadewa yaiku putra pambarep saka Prabu Pandudewanata lan Dewi Kuntinalibrata. Sayekti Puntadewa ngrupakne putra kapindho saka Dewi Kuntinalibrata. Akibat Ajian Adityaredhaya wulangan Resi Druwasa, Kunti sempat meteng, sawektu sadurung kedadeane sayembara pileh. Nuli putranya sing neng metokake saka telingga sing dijenengi Karna dibuwang lan banjur diasuh saka sawong sais kereta nduwe jeneng Adirata.
cerita-wayang-tokoh-puntadewa-dalam-bahasa-jawa
  Cerita Wayang Mahabarata Bahasa Jawa Leluhure Pandawa lan Kurawa
Sacara resmi nyat Puntadewa yaiku putra Prabu Pandu lan Dewi Kunti ning sayekti dheweke yaiku putra Dewi Kunti lan Batara derma, dewa keadilan. Hal kesebut diakibatake saka tumakne sing diucapkan saka Resi Kimindama sing dipateni Pandu wektu cumbana jero wujud kijang. Ning akibat saka ajian Adityaredhaya, Dewi Kunti lan Prabu Pandu isih bisa nduweni turun kanggo ngasilke panerus takhta kerajan. Puntadewa seduluran papat wong, loro sedulur saembok lan 2 sedulur ngliya embok. Dekne kabeh yaiku Bima utawa Werkudara, Arjuna utawa Janaka, Nakula utawa Pinten, lan Sadewa utawa Tangsen.

Puntadewa nduweni dasanama (jeneng-jeneng liya) yaiku Raden Dwijakangka dadi jeneng remengan wektu dadi buwangan sajrone 13 tahung neng kerajan Wirata, Raden Darmaputra amarga ngrupakne putra saka Batara derma, Darmakusuma, Darmawangsa, Darmaraja, Gunatalikrama, Sang Ajatasatru, Kantakapura, Yudistira, lan Sami Aji, julukan saka Prabu Kresna.


Raden Puntadewa nduweni watak sadu (suci, ambeg brahmana), dhemen ngalah, tenang, sabar, demen tentraman, ora dhemen nesu sanajan hargadirinya diinjak-injak lan dilarani atine. Saka para dalang dheweke tinunggalake jero tokoh getihan putih jero pawayangan bareng Begawan Bagaspati, Antasena lan Resi Subali dadi perlambang kesucian ati lan bisa mateni nafsu-nafsu alane.


Konon, Puntadewa dilairke melelui embun-embun Dewi Kunti. Ket cilik para putra putra Pandu sanuli ana jero kerekasan. Dekne kabeh sanuli nduwe mungsuh karo nak-sadulur dekne kabeh, Kurawa, sing didalangi saka pak-lik saka para Kurawa sing uga ngrupakne patih saka kerajan Astinapura, Patih Harya Sengkuni. Sanajan Pandawa nduweni hak dhuwur kerajan Astinapura, ning amarga wektu Prabu Pandu mati umur pandawa isih enom banget mula kerajan dititipkan nang kakange, Adipati Destarastra karo disaksikan saka tetua-tetua kerajan kaya, Dang Hyang Dorna, Patih Sengkuni, Resi Bisma, Begawan Abiyasa, lan Yamawidura karo ujaran ketulis ben kerajan Astina diserahkan marang Pandawa sakwise dewasa, lan Destarastra mbisakne separuh saka wilayah Astina. Ning dhuwur hasutan Patih Sengkuni mula banjur Kurawalah sing nglinggihi takhta kerajan.

Kapetik Saking :Cerita Wayang.Blogspot.co.id

Wangsalan

Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen meh kaya cangkriman, dene tebusane utawa batangane (jawaban) srana sinandi tegese ora blaka, ora diceplosake. Wujude wangsalan ana lima:
a.      Wangsalan lamba
Yaiku wangsalan kang batangane mung siji.
Tuladha: adegan gara-gara ana ing ringgit purwa nalikane petruk ngomong “wis Gong, roning mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso, mengko dibacutake maneh,” (roning mlinjo = so = ngaso)
b.      Wangsalan memet
Wangsalan memet iki carane anggone nggoleki batangane ora langsung nanging ambal kaping pindho.
Tuladha: “ mbakyu anggone mlaku menyang pasar ora usah kesusu, nguler kembang alon-alon wae wong iseh peteng.” (nguler kembang = lintah = satitahe = alon-alon).
c.       Wagsalan rangkep
Wangsalan rangkep kuwi batangane luwih saka siji. Umpamane nalikane pranatacara ing pngkasaning adicara matur, “puput pepuntaning atur kula, jenang sela wader kalensesondhen, apuranta yen wonten lepat kula.” (jenang sela = apu = apuranta, wader kalen sesondhen = iwak sepat = lepat).
d.      Wangsalan padinan
Wangsalan kang asring digunakake saben dinane.
Tuladha wangsalan padinan:
1.      Janur gunung esuk-esuk dolan mrene
Janur gunung: aren (kadingaren).
2.      Sekar aren, sampun dangu-dangu
(sekar/kembang aren : dangu)

e.       Wangsalan ing tembang
Wangsalan kang kanggo tembang. Biasane kanggo sing panembrama, arane umpak-umpak. Gerongan, umpak-umpak, wangsalan diterusake tembang kinanthi Sandhung utawi kinanthi subakastawa.
Tuladha:
1.      Petis manis, sarining kaca benggala (4+8 wanda/suku kata)
Aja ngucap yen durung dirasa-rasa (kecap rasa).

2.      Jenangsela, wader kalen sasonderan (4+8 wanda/suku kata)
Apuranta yen wonten lepat kawula (apu, sepat)
3.      Balung geni, kalong lit kang aneng wisma (4+8 wanda/suku kata)
Dhuh pra siswa, ya sinau basa jawa (mawa/mawa, lawa).



Kapetik saking: Modul Semar X-A

Piwulang "bab Geguritan"

Geguritan
Geguritan yaiku salah sawijining wujud kasusaatran jawa gagrag anyar ingkang nggadhahi cakrik mirunggan. Geguritan saiki wis ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis ana pangaribawaning jaman, saengga geguritan saiki wis beda karo gurit jaman mbiyen, tegese wis mardika. Titikane guritan yaiku ora kawengku ing pathokan, migunakake tembung-tembung kang pinilih, cacahe larik ora katamtokake, sajak pungkasane bebas ora mardika, ora nggunakake basa padinan, arang-arang nggunakake tembung pangiket, migunakake tembung kawi, isine menthes, lan migunakake purwakanthi basa, swara lan sastra.
Carane nulis geguritan yaiku nemtokake tema, milih tetembungan kang mentes, endah lan cekak, menehi irah-irahan kang jumbuh karo isine geguritan.
v  Titikane geguritan:
a.       Ora kawengku ing pathokan
b.      Migunakake tembung-tembung kang pinilih
c.       Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
d.       Mentes.
v  Geguritan iku dibedakake dadi 2 yaiku:
a.       Guritan kuna, dene guritan kuna nduweni pathokan:
-          Diwiwiti tembung sun gegurit
-          Cacahe wanda saben sagatra padha
-          Tibaning swara ing pungkasan gatra runtut
b.      Guritan anyar utawa geguritan, dene geguritan nduweni pathokan:
-          Cacahe gatra tanpa wilangan
-          Cacahe wanda saben gatra uga bebas
-          Tibane swara uga ora digatekake
-          Mentingake pemilihane tembung kang mentes
-          Ora nganggo tembung sun gegurit.

Kapetik Saking: Modul Semar X-A