Wancine Gugur
Ora mung dhewe
Wiwit cilik tumekaning
gedhe
Wiwit ijo tumekaning
kuning
Wiwit seger tumekaning
alum
Ora bisa nyuwara
Ora bisa njaluk
Bisane mung anut
Bisane mung anggon kana
Arane godhong!
Iyha godhong!
Urip bareng…
Nanging, umure ora bisa bareng
Kadhang seger, kadhang alum
Amung bisa nrima ing pandum
Wektu wis pinunjuk
Yen ta wancine gugur
Tumekaning tiba
Yha, tetep kaaran
godhong!
Wujud lan rupa wis pinunjuk
Wanci wus pinunjuk
Tibaning godhong
Merga, wus wancine gugur
Tidak ada komentar:
Posting Komentar