Rabu, 02 Desember 2015

Gurit lumunturing kekancan



 
Lunturing Kekancan

Yen luhur yo lunturo

Kabeh kuwi pancen wis kedadean

Sliramu kang wus tak subyo-subyo

Jebul mung koyo sada aren

Sada kang gampang tugel merg kena hawa

Pancen wis ginaris anggonmu memitran

Mula memitran kudua

Kudu nduweni dasar lan niatan kang kenceng

                        Nanging kabeh kuwi ora perkawis kang gumampang

                        Kudu butuh panglilan

                        Supaya ora gampang luntur anggone kekancan

Kabeh wus kabacut

Kabacut luntur anggone kekancan

Wus musna anggone kekancan

Wus bubrah anggone saduluran



Tidak ada komentar:

Posting Komentar