Senin, 14 Desember 2015

cariyos Togog

Togog Wonten ing Jagad Pewayangan
Wonten ing jagad pewayangan, nami Togog sampun misuwur sanget. Togog asrig dipun sebat lurah wijayamantri, Bathara Antaga utawi Sanghyang Puguh. Wonten ing lakon menapa kemawon, Togog dipuntakdiraken dados kangge ndampingi majikan ingkang nggadhahi sifat keras kepala lan kepengin menang piyambak, mila Togog ugi dipuntepangi kaliya paraga ingkang nggadhahi sifat ingkang ala.
Wujudipun Togog inggih menika, nggadhahi saca ingkang juling, grananipun pesek, tutukipun mrongos, mustkanipun botak ugi nggadhahi suwanten ingkang ageng.
Togog menika putranipun dewa ingkang miyos saderengipun Semar, amargi Togog menika boten saged ngayomi bumi, mila Togog wangsul dhateng asalipun malih utawiboten siyo miyos. Wangsulipun Togog sareng kaliyan miyosipun Semar.
Togog dipunginakaken dados lakon menapa kemawon ugi wonten ing pihak raksasa. Penjenenganipun dados pelopor pinunjuk margi nalika raksasa menika tindak dhateng nagari sanes. Pengetahuanipun Togog ing babagan menika dipunangsalaken nalikanipun Togog jelajahi kathah nagari, ugi asring pindah majikan sahingga Togog menika boten nggadhahi sifat ingkang setya. 
Dipuncariyosaken, rikala jaman kadewatan sanghyang wenang ngawontenaken sayembara kangge milih panguasa khayangan saking putranipun ingkang miyos saking setunggal tigan. Putranipun sanghyang wenang menika wonten sekawan, ingkang angka setunggal Bathara Antaga (Togog), ingkang angka kalih Bathara Sarawita (Bilung), ingkang angka tiga Bathara Sarawita (Semar), l ingkang pungkasan Bathara Manikmaya (Bathara Guru). Sayembarnipun inggih menika, saking putranipun Sanghyang Wenang, sinten ingkang saged nguntal kaliyan muntahaken mlih gunung Jamurdipa, mila panjenenganipun ingkang dipunpilih dados panguasa khanyangan. Giliran ingkag kaping setunggal inggih menika Togog, Togog nyobi meksa nguntaal Gunung menika ananging lathinipun dados ndower amargi boten kiyat. Ingkang kaping kalih inggih menika Bathara Sarawita utawi Bilung, Bilung inggih boten saged nguntal gunung menika amargi taksih aktif ugi mbledos nalikanipun Bilung saweg nguntal sahingga badanipun risak ugi boleng-boleng. Ingkang kaping tiga Bathara Sarawita utawi Semar, Gunung menika saged dipununtal ananging boten saged dipumedalaken malih. Amargi saking tetiganipun boten saged nguntal lajeng muntahaken malih Gunung Jamirdipa kados ingkang dipunpengenaken dening Sanghyang Wenang, lajeng ingkang dipunpilih dados panguasa khayangan inggih menika Bathara Mankamaya utawi Bathara Guru putra bungsunipun Sanghyang Wenang.
Saking hasil sayembara menika, Togog, Bilung, ugi Semar dipunutus dhateng Marcapada kangge dados penasehat ugi pamomong ingkang sejati. Saking tetiganipun, Semar dipundadosaken pamong kangge para satriya ingkang nggadhahi watak sae utawi dipunsebat Pandawa.  Lajeng Togog kaliyan Bilung dipunutus dados pamong kangge para satriya ingkang nggadhahi watak boten sae. 
Kapetik saking: Nguri-uri Basa Jawi VII-A

Tidak ada komentar:

Posting Komentar