Nglelimbang Memetri Basa Jawa
- Alasan kenapa milih bab iki?
- Jilid III
Alesan milih bab sing
judule Pitutur ing jilid 3 bab 8 yaiku merga tertarik karo judule uga kepengin
ngerti isi sub bab kuwi. Kejaba kuwi kepengin uga ngerteni lan mahami apa kang
di jelasake ana ing pembahasan bab kuwi. Nanging kangelan olehe mahami merga
bahasane nganggo bahasa utawa tembung sing ora biasa ditemoni ing saben dinane,
nanging ora kabeh tembung angel isih ana tembung sing isih bisa dipahami. Saka
bab Pitutur kuwi aku bisa ngerteni yen bab iki ngandarake babagan kang becik
uga manfaat kanggo para pemaos. Mula, kepenginanku kanggo milih bab iki ora
salah, merga sub bab iki bisa menehi ngerti babagan kang bener.
Sawise tak pahami, bab
iki akeh babagan sing kudu di gugu lan ditiru. Babagan tindak-tanduk uga
kepriye carane nglakoni kauripan kanthi cara sing bener. Carane nanggapi sikap
kang ora ngepenakake ati uga ana. Kabeh babagan ngeneni sikap marang
sepada-pada uga di jelasake ing bab iki. Ing bab iki uga ana materi-materi sing
njelasake makna ana ing wacan sing bahasa utawa tembunge angel dipahami.
- Jilid II
Ing jilid 2 iki aku
milih bab sing judule Punapa Inggih Basa Jawa Risak Utawi Nandhang Roga?. Merga
aku tertarik karo judule. Ing bab iki, di jlentrehake babagan keadaan utawa
nasibe basa jawa saiki. Kejaba iku, sing nggawe aku milih bab iki yaiku, nggawe
penasaran kanggo bisa ngerti isine bab kuwi, merga bab kuwi bab sing cocog
kanggo pembahsan sing ana ing jaman saiki. Anggone mahami tembung-tembunge ora
patio angel kaya dene bab liyane. Sawuse tak waca, bab iki uga ora angel-angel
banget dipahami, merga tembung-tembunge bisa dingerteni. Bab iki uga cocog yen
didadekake bahan pirembagan , merga kuwi bab sing njlentrahake babagan sing
patut diugami lan patut dingerteni masyarakat jawa sing nggunakake bahasa jawa.
- Tema ana ing bab sing dipilih
- Bab 8 jilid 3
Tema sing ana ing bab
8 jilid 3 yaiku, nyeritakake babagan pitutur kang becik. Njelasake babagan kang
ana ing masyarakat ngenani tindak tanduk kang bener. Ing bab iki ngrembak
macem-macem jenise pitutur yaiku, wong iku butuh dhuwit uga kudu nduweni budi,
nanging ana uga sing berbudi ora ngopeni dhuite. Sing nomer loro, yaiku
ngajarake yen ana wong ora seneng marang kita, nanging anggone ngomong nganggo
tembung sing manis kudu diwales nganggo tembung sing manis uga nanging aja
gampang percaya karo wong kuwi mau. Sing nomer telune yaiku, yen duwe awak sing
resik ora perlu khawatir bakal kena kesalahan, kaya dene yen awake sehat utawa
waras ora bakal diarani lara. Nomer papat yaiku, ilmu sing diduweni kuwi ora
ketok nanging manfaate gedhe. Nomer lima, sing diwenehi kekuasaan kanggo ngguyu
yaiku manungsa, mula, manungsa uga patut olehe digeguyu. Sing nomer enem yaiku,
manungsa yen ora bisa nglakoni penggawean sing apik, nanging kudu isa nyingkiri
penggawean sing ala. Selanjute yaiku, yen bisa ngilangake sungkawa, mula kuwi
bisa ngrusakake budi lan awake. Nomer wolu yaiku, manungsa kuwi kudu bisa loma,
nangnig aja gampang menehi tanpa dipikir sing temen. Nomer sanga yaiku, aja
seneng ngomongake eleke wong liya ing burine. Ing bab iki uga njelasake, yen
duwe ati seneng lan suci kuwi amal kang ana ing alam donya. Ing nomer sewelase
yaiku, njelasake yen telug perkara sig ora bener yaiku kaya. Banyu sing mambeg,
wesi sing dienengake kuwi pada karo manungsa sing nganggur ora duwe gawean. Ing
nomer selajute ngajarake yen, kita menehi wong liya aja dieling-eling, nanging
yen kita diwenehi wong liya kudu dieling-eling. Nomer telulas yaiku, wong kang
kendel kuwi ora ana sing madhani, mung wong kang ngalahake atine dhewe tumuju
babagan sing ala. Nomer patbelas yaiku, njelasake yen, sapa wonge yen duwe
kanca anyar nanging gedohi kanca lawas kuwi pada karo ngurupake wowohan oleh
kembang, yaiku ngijolake barang sing ana ajine entuk barang singa ora ana
ajine. Ing nomer terakhir yaiku, wong sing kuwasa aja sok gumedhe, bisa uga
wong kuwasa kuwi di tabrak marang wong cilik.
Intine tema kang ana
ing bab Pitutur iki yaiku, ngajarake tatacara sing bener marang wong
sepada-pada. Uga tetep duwe rasa ngajeni siji marang sijine. Senajan pangkat
utawa panguwasane beda, nanging kudu tansah ngugemi. Supaya ora kalebu ing
babagan sing ora bener, mula urip kuwi ora bisa sapenake dhewe.
- Bab 4 jilid 2
Bab iki njelasake
babagan basa jawa sing mulai luntur utamane ing kalangan mudha jaman saiki.
Basa jawa sing dingerteni masyarakat akhir-akhir iki yaiku wis wiwit luntur
anggone nggunakake basa lan unggah-ungguh sing bener. Kabar iku wis kesebar ana
ing laying kabar lan kalawarti. Masyarakat anggone nanggepi babgan kuwi
tenang-tenang wae. Utamane para mudha jaman saiki, anggone nggunakake basa lan
unggah-unggah wis ora migunakake tatacara kang trep. Tiyang sepuhe uga ora ana
tindakan kanggo nanggapi babagan kaya mangkana. Senajan bocah sekolah diajarake
kepriye anggone migunakake tetembungan kang bener nanging babagan kuwi mau ora diterapake
ing pakulinan sben dinane. Anggone wicantenan kaliyan wong tuwane uga mung
migunakake tembung sing mung kanggo guyon wae.
- Kekurangan lan keluwihan bab sing dipilih
Ana ing bab sing tak
pilih, yaiku bab 8 jilid 3 lan bab4 jilid 2, kuwi bab sing isine utawa temane
apik tur migunani, nanging bab kuwi duweni kekurangan lan keluwihane , yaiku :
- Kekurangan :
Kekurangan kang ana
ing bab 8 jilid 3 yaiku, tembung-tembung kang ana ing wacan akeh sing ora bisa
dingerteni. Pembahasan wacan karo materi sing dibahas ing kaca selanjute kurang
ngenani. Kayadene Dasanama, Saloka, Empan-Empane Tembung, Paramasastra uga
Kasusastran. Ora kabeh pembahasan kuwi mau sing ora nyangkut karo wacan,
sebagian uga ana babagan sing njelasake utawa njlentrehake perkawis kang ana ing
wacan. Kekurangan liyane yaiku, kurang rinci anggone njelasake kang ana ing
wacan luwih bisa diperjelas maneh lan anggone njlentrehake materi kang ana ing
kaca selanjute luwih rumit lan ruwet ketimbang anggone mahami perkawis kang ana
ing wacan. Pitutur-pitutur ing wacan luwih apik maneh yen dilengkapi karo
tuladha supaya para pemaos luwih bisa paham maneh anggone mahami bab kuwi.
Kekurangan kang ana
ing bab 4 jilid 2 yaiku, anggone ngrembak babagan ngenani bab kang judule
Punapa Inggih Basa Jawi Risak utawi Nandhang Roga? Kuwi pada karo kang ana ing
bab 8 jilid 3 yaiku pada-pada angel dipahami, merga nggunakake tembung-tembung
kawi utawa bahasa jawa kuna. Sahingga para pemaos anggone mahami kudu
bener-bener bisa ngerteni tembung-tembunge. Kekurangan selanjute yaiku,
pembahasan pokok permasalahan kaliyan penyelesaian masalahe kurang rinci,
sahingga para pemaos ora bisa nemokake kesimpulan babagan permasalahan kuwi
mau. Kekuragan liyane, babagan wacan kaliyan materi utawa pembahasan kurang
ngenani, merga sing bisa tak ngerteni ing bab kuwi, wacan kaliyan materi tan
saya rumit materine, sahingga anggone mahami luwih penak mahami wacane
ketimbang materine. Nanging kang dijelasake ana ing kaca sawuse wacan kuwi
cukup bisa mbantu anggone mahami tembung-tembung kang ana ing wacan.
- Kelebihan (apike bab sing dipilih)
Ana ing bab 8 jilid 3
apike lan keluwihane yaiku, isine bisa kanggo nambah kawruh marang wong sing
maca. Pembahasane luwih akeh tinimbang wacane. Anggone nggampangake wong kang
maca, bab iki dilengkapi nganggo pembahasan lan materi-materi kanggo ngerteni
tembung-tembung kang ana ing wacan. Sahingga, para pemaos luwih bisa kebantu
kaliyan materine anggone mahami isine wacan. Kaluwihan selanjute yaiku, anggone
njlentrehake materi, sebagian ana sing dilengkapi kaliyan tuladha, supaya wong
kang maca bisa luwih paham.
Kelebihan kang ana ing
bab 4 jilid 2 yaiku, pembahasan kuwi cocog kanggo para mudha jaman saiki, merga
basa jawa kang ana ing jaman saiki tan saya luntur. Anggone nggunakake
unggah-ungguh basa jawa wis ora asring ditemui ing kalangan mudha. Mula, bab
iki mathuk kanggo pembahasan basa jawa utamane kanggo kalangan mudha. Apike
maneh, pembahasan kang ana ing wacan iki, nggawe penasaran para pembaca kanggo
ngerteni isi babagan pokok permasalahan kuwi mau. Keluwihan liyane yaiku,
dilengkapi nganggo materi-materi sing njelasake babagan inti wacan ig bab kuwi,
merga, akeh tembung-tembung kawi sing angel dipahami, sahingga pembahasan
materi kuwi mau cukup bisa mbantu kanggo kanggo ngerteni tembung angel kang ana
ing wacan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar