Kasetyaning Sepasang Sepatu
Rikala jaman semana
Aku ketemu pasangan
Pasangan kang ora bisa
dipisahke
Merga kasetyane
Wiwit esuk tumekane sore
Pawiyatan kuwi dak goleki
Nganti
nem tahun saiki
Yha,
karo pasangan iki…!
Udan
panas tetep pasangan…!
Hanamung pasangan iki
Ora ana liyane nem
tahun iki!
Ora peduli pasangan
liyane
Setyaku marang sepasang
Ananging, wujude
pasangan
Wus ora katon endah
Merga pigunan kang oraa
kaukur
Pasangan…!
Sepatu
sepasang… ya pasangan…!
Saiki
wus ora bisa dak gunakke
Merga
wus kaaran sepatu rusak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar