Tresna Agawe Rusak Kancane Dhewe
Anggone
kekancan Dewi karo Diyah wiwit kelas siji SMA. Diyah karo Dewi kuwi mbiyen padha
ora ngerti siji lan sijine. SMA anggone sekolah Dewi lan Diyah kuwi akeh-akeh muride
saka SMP sing cedak karo SMA lan sak yayasan, kalebu Diyah uga asale saka SMP
sing padha kuwi, mula gawe Dewi atine tan saya cilik merga dheweke ora duwe
kanca sing dikenali. Kanca pertamane Dewi ya Diyah. Nalika kelas siji kuwi
dheweke padha-padha kepilih dadi pasukan inti gerak jalan ana ing sekolahan
kanggo lomba ing kabupaten. Wektu latian, Diyah ngajak pitepangan karo Dewi.
“mbak
saka SMP ngendi”, pitakone Diyah.
“saka
SMP N siji Pakis Aji mbak”, jawabe Dewi karo mesem.
“
kenalke jenengku Diyah mbak, saka SMP cedhak kene”, tembunge Diyah karo
ngulurke tangane, ngajak salaman.
“aku
Dewi mbak”, njawaab uluran salame Diyah.
Wiwit
pitepangan kuwi Dewi lan Diyah dadi padha ngerti, jenenge siji lan sijine. Dewi
uga seneng banget merga wis entuk kanca senajan namung Diyah. Sifate Dewi karo
Diyah kuwi pancen rodok bedha, Dewi kuwi wonge menengan, ora seneng ngrepotake
kancane, nanging yen Diyah luwih seneng ngomong lan seneng njaluk tulung marang
kancane.
Ing
sajroning latian lan tumekane lomba kuwi, Dewi mulai entuk tambah kanca akeh.
Dewi uga wis krasa betah ana ing SMA kuwi. Sing nggawe betah Dewi yaiku dheweke
nduweni kanca sing apik marang kancane tur pinter anggone sinau. Jeneng kanca
anyare Dewi yaiku, Anti lan Mira. Lelorone kuwi uga wis kekancan wiwit SMP,
mula dheweke padha ngajak reraketan karo Dewi uga Diyah supaya anggone kekancan
ora namung wong loro. Wiwit kuwi, Dewi, Diyah, Anti lan Mira dadi kekancan sing
raket banget. Nganti rindi wae olehe lunga bebarengan.
Ana
ing kekancanan kuwi, dheweke ora nggunakake kekancanan kuwi kanggo babagan sing
ora bener, dheweke nggunakake kekancanan kuwi kanggo sinau bareng lan
organisasi. Papat-papate mau aktif kabeh ana ing organisasi lan ing kelas.
Nganti kanca-kanca liyane iri anggone kekancanan. Lungguh jejer bareng, lunga
rindi yha bareng, anggone tetuku yha kadhang bareng, kuwi sing agawe raket
olehe kekancan.
Nalika
kuwi, Diyah cerita marang Dewi yen dheweke nduwe masalah karo pacare. Yo maklum
yen Diyah wis nduwe pacar, merga dheweke kuwi ayu tur kalem, bedha karo Dewi
sing biasa-biasa wae nanging rodok tegas, mula dheweke durung nduweni pacar,
sajke yo dheweke durung wani pacran. Diyah cerita yen, dheweke asring tukaran
karo pacare merga babagan sing ora pati penting nanging di gedhe-gedheke.
Dheweke bingung arep piye anggone nanggepi babagan kuwi, mula dheweke njaluk
solusi marang Dewi.
“
Wi, aku bingung aku kudu kepiye,”
“
awakmu kenapa Yah, ana masalah apa?”, pitakone Dewi marang Diyah.
“
aku lagi ana masalah karo pacarku Wi, aku kudu piye?”, jawabe Diyah karo wajah
sing katon lesu.
Diyah
banjur nyeritakake masalahe marang Dewi. Dewi uga menehi solusi, senajan
dheweke durung tau pacaran nanging idhep-idhep gawe ajaran ngertine yen wong
pacaran kuwi kudu padha-padha ngerteni siji lan sijine.
Setaun
olehe Diyah lan Dewi kekancan, ora lali karo kancane loro Anti karo Mira.
Papat-papate banjur munggah kelas loro SMA. Nalika kuwi, murid kelas siji
munggah kelas loro kudu milih jurusan, arep milih ipa apa ips merga neng SMA
kuwi namung ana rong jurusan. Papat-papate kuwi padha moh pisah anggone
kekancan. Mula dheweke padha kepingin milih jurusan sing padha. Nanging, Dewi lan Diyah bedha pikiran karo
Anti lan Mira. Yen Dewi lan Diyah kepengin mlebu ips, nanging Anti lan Mira
kepengin mlebu ipa. Ana ing kana, Anti lan Mira banjur menehi pangerten marang
Dewi lan Diyah. Sajake Dewi lan Diyah isih tetep kepengin mlebu ips. Berkat
usahane Anti lan Mira sing gelem nyemangati lan mbantu lelorone anggone sinau
ing ipa, saiki Dewi lan Diyah tetep nglakoni panyinaune ana ing jurusan ipa
kanthi tlaten.
“
Jebul mlebu ipa ora angel kaya sing tak pikirna ya Mir,” ujare Dewi
“
mulakno, aja wedi lan kuwatir dhisik yen durung di cobo Wi,”
“
matur nuwun ya Mir wis di gandheng olehe sinau bareng”
“kuwi
wis dadi tanggung jawabku dadi kanca Wi”, ature Mira karo ngelus-ngelus Dewi.
Olehe
kekancan lan sinau ing SMA wis kalampahan telung taun. Mula, telung taun kuwi
sing ndadekake Dewi lan Diyah uga tan saya raket. Telung taun uga lungguh jejer
bareng, merga Diyah Dewi wis dianggep kayya sedulure Dewi. Senajan Diyah kuwi
ora sauntung Dewi, nanging Dewi uga ora kepengin ngedohi Diyah, dheweke tetep
dianggep sedulure. Diyah kuwi asale saka keluarga sing rodok kurang mampu,
olehe sekolah SMA dibayari yayasan, dheweke manggon ana ing asrama telung taun.
Nanging kadhang-kadhang Diyah dolan lan turu neng omahe Dewi, dheweke uga wis
kenal akrab marang wong tuane Dewi, semono uga Dewi. Diyah sering banget cerita
masalah pacar lan keluargane marang Dewi. Merga Diyah wis percaya marang Dewi.
Lulus
SMA, lelorone kuwi gelem ora gelem kudu pisah, merga kepenginan kuliah sing
bedha. Siji pengen mlebu teknologi pangan ana ing universitas swasta ing
semarang, sing siji kepengen mlebu bahasa jawa ing universitas negeri. Diyah
lan Dewi padha nyemangati siji lan sijine, dheweke janji yen wis kuliah aja
nganti lali lan sombong marang sedulure. Leloroe padha nyetujuni janjine kuwi.
“
Wi, yen awak wis kuliah lan dadi wong sukses aja nganti lali marang aku lan
keluargaku ya wi”, ujare Diyah karo nggegem tangane Dewi.
“awakmu
ki ngomong opo to yah, yo ora mungkin to aku lali marang sedulurku dhewe”,
jawabe Dewi karo mbales nggegem tangane Diyah.
“
senajan jarang ketemu nanging komunikasi kudu tetep lancar”
“
kuwi wis mesthi yah, mesthi aku bakal kangen banget karo awakmu Yah”
“
semono uga aku Wi”.
Lelorone banjur padha
nangis ngenani perpisahan kuwi.
Nalika pengumuman pendaftaran kuliah, kekarepane lelorone
kuwi bener-bener nyata anane. Mula, gelem ora gelem kudu pisah. Semono uga karo
Diyah. Diyah gelem ora gelem uga kudu pisah marang pacare sing wis suwe olehe
pacaran. Ora mungkin yen pacaran nanging sedulure dhewe ora kenal marang pacare
kuwi. Dewi uga dikenalke diyah karo pacare, sing jenenge Danu. Ing kono Dewi
sering dicurhati pacare Diyah ngenani masalah karo diyah, mula kejaba akrab
karo Diyah, Dewi uga akrab karo pacare.
Wiwit mlebu kuliah, janji sing diucapno Diyah marang Dewi
wis dilanggar. Dheweke wis mulai jarang ngubungi Dewi, semono uga marang
pacare. Danu sering cerita marang Dewi yen dheweke sering ninggalno Danu tanpa
menehi kabar. Hubungane wis bedha ora kaya mbiyen maneh, masalah sering teka
lan ujung-ujunge tukaran. Danu ora bisa ngapa-ngapa merga jarak sing gawe susah
olehe ketemu. Mula, yen ora karo Dewi banjur karo sapa maneh olehe crita.
Ora
suwe saka kuwi, Danu ngabari Dewi yen dheweke wis ora bisa nglanjutna hubungane
karo Diyah. Dheweke crita masalahae karo Diyah. Banjur Dewi menehi saran yen
aja nganti hubungan sing wis suwe kuwi mung pedhot ngono wae.
“
Wi, aku bener-bener wis ora bisa nglanjutna hubungan iki karo Diyah”, ature
Danu karo sedih.
“
la kok ngono to Dan? Kena ngapa?”
“
dheweke wis bedha Wi, dheweke wis dadi wong sibuk lan wis ora tresna maneh karo
aku”.
“
wis to, aja kaya ngono, aku yakin, Diyah mesthi isih sayang karo awakmu. Lan
dheweke jarang menehi kabar merga dheweke lagi fokus marang kuliyahe”.
“
tapi aku ora bisa yen ngene carane Wi”.
Nalika
kuwi, Dewi uga ora bisa mbantu Danu, merga Diyah uga jarang ngubungi Dewi lan
menehi kabar. Dewi golek informasi ngenani kabare Diyah ana ing facebook.
Semono uga, dheweke ngonangi yen Diyah wis nduweni wong lanang liya. Mula bener
kandhane Danu yen Diyah wis beda lan ora tresna
marang dheweke, merga Diyah wis tresna marang priya liya.
Wiwit
kuwi Danu wis ora tau ngubungi Diyah maneh, dheweke kudu bisa nglalekna
kenangane karo Diyah. Danu uga tan saya sering olehe crita-crita karo Dewi.
Dheweke pengen dadi kanca rakete Dewi, merga Danu wis nganggep Dewi kaya adine
dhewe.
Ora
let suwe saka kedadean kuwi, Danu lan Dewi tan saya raket olehe kekancan.
Nanging, sajake ora namung kanca, Danu katon yen dheweke nduweni rasa luwih
marang Dewi. Nalika Dewi menyang omahe, dheweke di jupuk Danu saka terminal
kabupaten. Bengine, Dewi di jak Danu menyang alun-alun, ana ing kana jebul Danu
wis nduwe rencane yen arep ngungkapna tresna marang Dewi. Naging Dewi sajake
kebingungan olehe njawab.
“
Dek, tak rasa-rasa olehku kekancan karo awakmu kok tambah nyaman”,Ujare Danu.
“
mungkin kuwi perasaanmu masa”,
“
ora Dek, aku temen, yen aku nduweni rasa tresna marang awakmu, awakmu gelem ora
dadi kembang ing atiku”,
“
mas, satemene, aku uga nduwene rasa sing padha karo awakmu, nanging aku ora
bisa ngalkoni hubungan iki merga aku ora gelem diarani mangan daginge dhewe,”
“
aku ngerteni kuwi Dek, nanging awake dhewe padha-padha nduweni rasa tresna,
mula ora bisa diapusi,”
“
aku bingung kudu kepiye mas,”
“
aku janji Dek, aku bakal sing tanggung jawab yen mengka ana kedadean sing dak
pengenke ing hubungan iki, merga aku bener-bener tresna marang awakmu,”
Danu
lan Dewi banjur pacaran, nanging tanpa di ngerteni Diyah merga Diyah wis tega
gawe kuciwaning atine Danu.
Dewi
olehe nglakoni hubungan iki sajak ora tenang merga dheweke wedi di arani
penghianat. Dheweke kepengen crita marang Diyah yen saiki dheweke wis nduweni
hubungan karo Danu. Nanging, wektu kuwi kahanane ora trep, merga Dewi entuk
kabar yen bapake Diyah seda. Mula Dewi uga ora bisa ngapa-ngapa. Dheweke tetep
nganggep Diyah sedulure. Krung kabar kuwi, Dewi banjur menyang omahe Diyah
kanggo tilik kepiye kabare keluargane Diyah. ing kana, lelorone tetep akur,
nanging Dewi krasa yen akure kuwi bedha karo akure mbiyen jaman SMA.
Ora
let suwe, Diyah ngerteni yen Dewi nduweni hubungan karo Danu. Dheweke banjur
takon marang Danu lan Diyah ngenani kabar kuwi. Danu menehi pangerten marang
Diyah yen dheweke bener nduweni hubungan marang Dewi, nanging kuwi sakbare
Dheweke ninggalake Danu. nanging, kabeh kuwi ora digubris marang Diyah, dheweke
malah nyeriki Dewi lan ngarani sing ora-ora.
“
aku ora nyangka marang kowe ya Wi, sing mbiyen wis tak anggep sedulurku dhewe
jebul awakmu dhewe sig agawe rusake seduluran iki,” ujare Diyah marang Dewi
karo nangis.
“
Yah, aku ora nduweni maksud ngrusak seduluranku marang awakmu, aku nglakoni iki
merga aku Danu yen awakmu wis nduweni priya liya, ,ula aku wani nampa tresanane
Danu”.
“
aku wis ora percaya maneh marang awakmu Yah, aku wis ora bakal nganggep awakmu
sedulurku maneh”.
“
Yah, tulung Yah, tulung ngapurana awakku”,
“
ora ana tembung ngapura kanggo kowe Wi”.
Saka
kedadean kuwi, Dewi tan saya nduweni salah sing gedhe marang Diyah. dheweke wis
ora bisa maneh kekancan karo Diyah, merga egoise dhewe.
Hubungane Danu lan Dewi sajak ora tentrem,
merga dheweke wis di anggep Diyah sing ora-ora. Semono uga marang ibune Dewi
sing kepengi yen lelorone kuwi cepet padha nikah. Nanging, kuwi ora bakal bisa,
merga Dewi isih kuliah nembe semeter awal. Sing ora gawe tamabh ora tenang
maneh atineDewi, dheweke wis kelangan kanca rakete merga trenane marang Danu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar