Babagan Ekonomi Masyarakat
Ekonomi yaiku babagan sing ora asing maneh
kanggo masyarakat Indonesia. Babagan siji iki sing nggawe masyarakat bingung
nanging uga penting sanget kanggo kehidupane manungsa. Merga kanggo nyukupi
jasmanine manungsa sing cukup, butuh kehidupan sing luwih layak. Kabeh kuwi due
hubungan sing ana gandheng cenenge kaliyan ekonomi.
Perubahan babagan ekonomi mulai muncul yaiku
wiwit masa pemerintahane Susila Bambang Yudayana. Masa pemerintahan iki rega
BBM mulai mundhak , otomatis kabeh barang-barang kebutuhan saben dina pada
mundhake. Masyarakat pada ngeluh sebab anane permasalahan kuwi. Sedurunge masa
pemerintahane SBY rega BBM isih tetep stabil, semono uga babagan liyane sing
ana gegayutane kaliyan babagan ekonomi.
Perkembangan ekonomi masyarakat Indonesia ora
bisa dadi patokan. Saya majune zaman saya berkembang ekonomi, merga kebutuhan
masyarakat uga tan saya akeh. Masa pemerintahan sing beda-beda aturane nggawe
babagan ekonomi uga beda. Perbandingan saka zaman tumuju zaman sejatine rada
beda adoh. Masalah iku sing dadi permasalahan ana ing masyarakat. Pola
penghasilan karo ekonomi terkadang bisa diarani ora imbang, merga penghasilan
sing ditampa tiap bulan utawa tiap minggu ora bisa mundhak nanging kebutuhan
ekonomi tan saya ora bisa diukur. Babagan kuwi sing dadi permasalahan ana ing
masyarakat utamane para ibu rumah tangga lan pedagang.
Hasil pengamatan babagan ekonomi yaiku
wawancara karo salah sijine pedagang kebutuhan pokok ing salah sawijining desa
ing Jepara. Pedagang iki dodolan sembako lan bahan-bahan kebutuhan pokok
liyane. Olehe dodolan kurang luwih wis limang tahun. Jenenge pak Tabah, pak
Tabah iki mulai dodolan saka panggonan sing ora gedhe, mung ruangan sakotak
kanggo dodolan kuwi mau. Nanging saya sue saya maju lan saiki wis lumayan
keuntungane. Usahane kuwi gampang lan lancar anggone mlaku, merga kendala ora
stabile rega-rega sembako. deweke njelasake yen perubahan bahan-bahan kebutuhan
pokok tan saya mundhak. Wiwit deweke bukak toko rega-rega isih murah saiki wis
pada mundak, mula para pembeli pada ngeluh ngadepi babagan iki. Pedagang ora
bisa nglakoni apa-apa merga deweke ora bisa ngatur rega.
Akeh penyebab sing nggawe ora stabile sistem
ekonomi. Penyebab iku dialami wiwit masa pemerintahane SBY. Pak Tabah njelasake
yen rega-rega bisa mundhak lan mudun kuwi terkadang akibat angel utawa langkane
barang-barang kebutuhan pokok. Terkadang bumbu-bumbu dapur larang amerga
petanine ora panen, contone brambang Lombok lan iya-liyane. Kebutuhan kuwi
dibutuhake saben dina, nanging regane ora stabil malah saya mundak. Contone
gula abang, gula abang kuwi biyen regane Rp.12.000.00 saiki mundak dadi
Rp.14.000.00, gula putih biyen Rp.8.000.00 saiki dadi Rp.10.000.00 isa uga
Rp.12.000.00, beras biyen Rp.8.000.00 saiki mundak dadi Rp.10.000.00 per Kg.
Kebutuhan kuwi saben dina mesti butuhe, ananging regane ora bisa dikira-kira
malah terus mundak.
Para pedangang anggone kulakan barang
dagangane kebingungan merga tan saya mundhake bahan-bahan kebutuhan pokok.
Termasuk pak Tabah, pak tabah olehe kulakan barang dagangan yaiku saka pasar
sing ora adoh saka omahe. Rega pasar mundhake regane mung beda sithik saka
olehe deweke dodolan, iku artine deweke mung entuk keuntungan sing ora akeh,
hurung maneh nek olehe dodolan kuwi isih diutang. Permasalahan kuwi tetep
dilakoni pak Tabah amerga kuwi resikone wong nyambut gawe yaiku dodolan.
Kebutuhan pokok liyane sing mundhak yaiku,
brambang, brambang kuwi biyen regane Rp.20.000.00 per Kg saiki mundhak dadi
Rp.40.000.00, bawang putih biyen regane Rp.16.000.00 per Kilone saiki mundak
dadi Rp.20.000.00, Lombok sing biyen regane Rp.10.000.00 saiki dadi
Rp.15.000.00. Ana uga bahan kebuputuhan pokok sing isih tetep ajeg wiwit biyen
nganti tekan saiki, mundhak nanging ora adoh saka rega awale, kaya dene
sayaur-sayuran lan lenga. kuwi kabeh kebutuhan sing ora bisa ditinggal olehe
nyukupi kebutuhan saben dinane. Penghasilan sing entukake seben minggu utawa
saben bulan ajeg nanging kebutuhan pokok terus pada mundhak.
Permasalahan sing dialami para pedagang lan
ibu rumah tangga kuwi kejaba akibat macete distribusi barang kebutuhan, sebab
liyane yaiku bisa uga wayah wulan ramadhan. Kaya dene mangsa saiki. Wiwit ameh
mlebu wayah pasa, kabeh kebutuhan pokok pada mundhak, utamane bumbu-bumbu
dapur. Pak Tabah nganti kebingungan olehe ngedoli, deweke mesakke marang
pelanggane, nanging piye maneh? Kuwi kabeh gelem ora gelem kudu dilakoni merga
Kebutuhan kuwi yaiku kebutuhan sing ora bisa ditinggalake.
Wayah pasa iki pak Tabah saya akeh olehe
dodolan, merga biasane ibu-ibu olehe masak radak beda saka dina-dina biasane.
Mundhake bahan pangan ora dadi penghalang kanggo pak Tabah. Deweke tetep
semangat olehe dodolan, apa maneh yen wayah pasa arep bada saya akeh pelanggane
blanja. Wulan pasa biasane wulan sing nggawe pengeluaran saya akeh, wiwit saka
panganan nganti tekan sandhangan kabeh dituku. Ora perduli akehe sepira dhuwit
sing metu kanggo tuku keperluan bada. Masyarakat mikir yen wayah kaya ngene iki
setahu sepisan sing kudu dipengeti kanthi cara sing istimewa. Mula, para
pedagang duweni kesempatan olehe “Mrema” merga sangking akehe kebutuhan sing
pada dituku. Kejaba kuwi pak Tabah saben wulan pasa kaya ngene iki biasane
nyedhiakake persenan utawa bonus kanggo para pelanggane merga wis gelem blanja
marang tokone. Olehe entuk dhuwit kuwi ya merga dodolane dituku pelanggane.
Ekonomi kuwi kebutuhan sing penting lan
kebutuhan sing mesthi dibutuhake saben manungsa, merga olehe urip kuwi butuh
pangan lan sandhang. Kebutuhan loro kuwi kelebu kebutuhan ekonomi, mula yen
bahan-bahan kebutuhan sing ana gegayutane kaliyan ekonomi kuwi mundhak iku
babagan sing wajar. Penyebabe merga kebutuhan tan saya akeh nanging terkadang
distribusine angel utawa BBM sing uga mundhak. Hasil wawancara sing tak
entukake marang pak Tabah yaiku,” bahan pangan mundhak nanging penghasilan sing
dientukake masyarakat ajeg, mula masyarakat pada ngeluh ngenani babagan kuwi”.
Miturut informasi ana ing media massa, rega
sembako mundhak merga BBM sing melambung dhuwur. Kabeh dagangan kuwi butuh
transportasi kanggo ngangkut bahan-bahan kuwi mau kanggo di distribusikake.
Salah sawijining pedagan ing pasar uga ngakoni yen mundhake BBM kuwi nggawe
mundhake bahan pokok sahingga dagangane uga sepi pembeli. Pendapat liyane
yaiku, pendapate masyarakat biasa. Yaiku pendapat sing isine mung ngeluh ngenani
babagan kuwi mau. Merga yen mundhak kabeh perlu diirit-irit anggone nggunakake
dhuwit. Nanging uga kepingin ora suwe anggone ngalami mundhake BBM uga rega
sembako kuwi mau.
Ing wulan Ramadhan iki, sembako uga
mundhak penyebabe iya kuwi mau, rega BBM sing mundhak, kejaba kuwi mundhake
rega sembako wis dadi tradisi saben taune. Nanging, miturut informasi rega
sembako kaya dene Lombok aban sing minggu wingi Rp.35 ewu per kilone, minggu
iki dadi Rp.42 ewu. Rega kuwi rega asline yen rega kang ana ing bakul eceran
bisa uga luwih saka rega mau. Yen rega Lombok rawit minggu wingi regane Rp.25
ewu ing minggu iki nganti Rp.30 ewu kuwi merga wulan pasa. Penyebabe, miturut
masyarakat yaiku, wulan pasa dadi kesempatan para pedagang kanggo ngundhakake
rega merga kebutuhan tan saya akeh nanging bahan kebutuhan sing rada telat.
Kayadene sayuran, rega sayuran mundhak paling dhuwur merga pasokan sayuran sing
tan saya nipis. Rega tomat sing mundhake ping pindhone rega asale, endhog sing
biasane didol Rp.17ewu saiki dadi Rp.19 ewu per kilone, tepung beras sing asale
Rp.12ewu mundhak dadi Rp.13 ewu perkilone, kuwi merga kebutuhan ing wulan pasa
tan saya akeh. Rega lenga goreng sing biyen ora ana kenaikan saiki mundhak saka
rega Rp.10ewu dadi Rp.12ewu per kilone.
Akeh masyarakat sing ngeluh babagan
ekonomi. Apa maneh ing wulan pasa iki, kabeh kebutuhan mundhak BBM uga mudhak,
pengeluaran akeh nanging penghasilan tetep. Babagan kuwi sing nggawe resahe
masyarakat. Mula masyarakat kepengin pemerintah nyetabilake rega sembako lan
bahan-bahan kebutuhan liyane. Protes kuwi ditujukake marang Joko Widodo.
Masyarakat nagih janjine JokoWi yen bakal mensejahterakan rakyate, nanging
ngenani babagan kaya ngene iki pemerintah hurung ana respon.
Ana penjelasan sing dijlentrehake ing dhuwur,
bisa dijupuk kesimpulane yaiku, kabeh kebutuhane manungsa iku butuh jasmani
kang sehat. Mula, uga btuh usaha kanggo nyukupi kebutuhan kuwi mau. Kayadene
kebutuhan ekonomi, kebutuhan ekonomi yaiku kebutuhan sing ora bisa kapisah saka
manungsa. Merga kebutuhan kuwi mau saya majune jaman tan saya ngalami
perubahan. Perubahan kuwi ana ing saben Negara kayadene Indonesia. Indonesia
ngalami permasalahan ekonomi sing berubah-ubah.
Perubahan kuwi ana ing sedurunge wulan pasa
nganti sawuse bada. Sadurunge pasa senajan BBM wis mundhak, nanging mundhake
rega sembako ora kaya wulan pasa kaya saiki. Contone rega sembako sing
sadurunge wulan pasa mundhake mung sithik, ing wayanh pasa dadi mundhak maneh.
Sayuran lan lenga goreng sing sadurunge pasa ora mundhak, saiki mundhak nganti
rongewu mundhake, dadi asale rega Rp.10 ewu saiki dadi mundhak Rp.12ewu.
Mundhake rega sembako ing wayah pasa bisa uga
wis dadi tradisi saben wulan pasa nglami mundhak, sing nomer lorone merga
kebutuhan tan saya akeh nanging pendistribusine rada telat sahingga nyebabake
para pedagang milih ngundhakake dagangaane utawa yen kayadene sayuran petanine
bisa uga ora panan amerga gagal panen. Sing nomer telune yaiku merga BBM
mundhak bahan pangan uga diundhakake merga mbutuhake transportasi.
Wulan pasa ndadekake para pedagang nduweni
kesempatan ngundhakake dagangane, merga ing wulan iki kebutuhan tan saya akeh.
Babagan kuwi sing nggawe masyarakat ngeluh ngenani babagan kuwi mau. Masyarakat
protes marang pemerintah sing duwe janji bakal nggawe sejahtera rakyate,
nanging ngalami masalah ekonomi iki masyarakat hurung ngrasa sejahtera.
Anggone nggunakake lan ngatur perekonomian
kudu pinter supaya ora ngalami krisis sing berkelanjutan. Perlu anggone ngirit
merga urip kuwi dawa perjuangane. Yen ngalami wulan pasa kaya ngeneiki senajan
bahan pangan mundhak nanging tetep bisa nyukupi urip. Ngeluh entuk, nanging ora
entuk kaluwihen anggone ngeluh, erga ngeluh ora nggawe masalah perekonomian
bisa dadi apa sng dipengenake.
Pemerintah uga kudu bisa ngerteni nasibe
masyarakat anggone ngadepi babagan perekonomian kaya sing lagi dialami. BBM
mundhak, angele bahan pangen nggawe masyarakat kebingungan ngadepi babagan
mengkono iku, merga penghasilan sing dientukake ora mundhak nanging bahan
pangan mundhak, kebutuhan liyane uga isih akeh. Khususe Negara Indonesia sing
tingkat penganggurane tiggi nanging uga tetep mbutuhake kebutuhan kang layak
pada karo liyane.
Bukti anggone ngerti yen masyarakat ngeluhake
babagan mundhake rega sembako yaiku, pitakonan marang salah sawijining
pedagang, deweke njelasake yen akeh sembako sing padha mudhak lan masyarakat
pada ngeluh merga anggone blanja bahan kebutuhan regane wis mundhak akeh.
Nanging babagan kuwi kudu tetep dilakoni masyarakat, merga gelem ora gelem kuwi
sing kudu dibuhake saben manungsa kanggo nyukupi kebutuhan jasmanine.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar