Senin, 07 Desember 2015

jenising tembung


Tembung Wod, Lingga lan Andhahan
1.      Tembung Wod
Tembung Wod yaiku tembung sakecap utawa sawanda kang wis nduweni teges. Tembung wod kalebu struktur tembug kang paling cilik, mula diarani oyoding ttembung.
2.      Tembung lingga (kata dasar)
Tembung lingga yaiku tembung kang durung owahh saka asale, kang durung oleh imbuhan apa-apa, utawa tembung kang iisih wungkul, isih antah utawaa isih asli. Tembung lingga ana kang dumadi saka sak wanda, rong wanda, utawa telung wanda (suku kata).
Tuladha:
- Turu                    -Laku
- Pari                      - Tulis
- Mustaka              -Caping
3. Tembung Andhahan (kata jadian
Tembug andhahan yaiku tembung kang owah saka asale. Tembung andhahan dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa tembung lingga kang wis dirimbag. Owah-owahan iku bisa awujud:
-          Wuwuhan (imbuhan)
-           Ngrangkep tembung (kata ulang)
-          Nyambor tembung (kata majemuk)

a.       Ater-ater anuswara (ny,m,ng,n)
Tembung andhahan amarga oleh ater-ater anuswara umpamane:
Nyilih: ny- + silih                    lakuNggawa: ng- + gawa
Mlaku: m- +                            Nulis: n- + tulis
b.      Ater-ater tripurusa (dak, ka, di)
Tembung andhahan amarga oleh ater-ater tripurusa umpamane:
Dakgawa: dak- + gawa
Katulis: ka- + tulis
Dipacul: di- + pacul


c.       Seselan
Tembung andhahan amarga seselan umpamane:
Gumuyu: um+guyu
Tinulis: in+tulis
Kerelip: er+kelip
d.      Panambang
Tembung andhahan amarga panambang umpamane:
Telatan : telat+-an
Awake : awak+-e
















Kapetik saka Nguri-uri Basa Jawi VII-A

Tidak ada komentar:

Posting Komentar