Senin, 14 Desember 2015

cangkriman

CANGKRIMAN
Cangkriman yaiku unen-unen utawa tembung sing kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman uga bisa diarani bedhekan.
a.       Cangkriman wancah (cekakan), tuladha:
1.      Pak boletos: tapak kebo lelene satus
2.      Pindhang kileng: sapi nang kandhang, kaki mentheleng
b.      Cangkriman pepindhan (emper-emperan), tuladha:
1.      Pitik walik saba kebon (nanas)
2.      Sega sekepel dirubung tinggi (salak).
3.      Gajah nguntal sangkrah (pawon).
4.      Emboke dielus-elus anake di idak-idak (andha)
5.      Anake gelungan ibune ngrembyang (pakis).
c.       Awujud plesedan utawa blenderan, tuladha:
1.      Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kasarung (lutung kasarung).
2.      Wong adol tempe di taleni = sing di taleni tempene, dudu wong sing adol.
d.      Awujud sinawung ing tembang, tuladha:
Bapak pocung cakemu marep mandhuwur,
Sabamu ing sendhang,
Pencokanmu lambung kering,
Prapteng wisma si pocung muntah guwaya
(batangane = klenthing/jun)




















Kapetik saking: Nguri-uri Basa Jawi VII-A

Tidak ada komentar:

Posting Komentar