Pangiren-iren
Kepengen
kuwi ora bisa
Kepengen
iki ora bisa
Kepengen
kae uga ora bisa
Kabeh
durung bisa
Pancen ora bisa,
apa durung bisa?
Namung dadi
pitakone piker
Namung dadi larane
ati
Namung dadi
angen-angen
Kapan
anggonku kaya ngono?
Yen
tak sawang, uripe katon ayem tentrem
Kepengen
kuwi bisa
Kepengen
iki bisa
Kepengen
kae uga bisa
Awakku mung bisa
pitakon ing njero ati
Kapan
paangen-angenku kuwi bisa kelakon
Kapan
pitakon-pitakon kuwi kawujud
Anane mung tembung
kapan, kapan, lan kapan?
Kabeh kuwi namung
dadi pangiren-iren
Tidak ada komentar:
Posting Komentar