Senin, 07 Desember 2015

Makalah ngengrengan kasusastran jawa

NGENGRENGAN KASUSASTRAN JAWA
(RINGKESAN)

I.                   Cecala
Ing jaman saiki, akeh wong jawa sing unggah-ungguhe ora sesuai karo budaya jawa. Saya modern budaya jawa saya ora trep. Khususe kalangan remaja sing unggul ing babagan budaya luar. Mulai seneng perkembangan saka budaya barat. Teknologi sing saya canggih saya gawe gampang para remaja,dewasa, uga bocah sing sih cilik wis dikenalake babagan teknologi.
Kejaba babagan kuwi, pendidikan uga penting banget kanggo siswa uga mahasiswa. Wiwit cilik bocah kudu entuk pendidikan. Khusususipun pendidikan kaliyan lingkungan dilahirake manungsa kuwi. Khususipun basa jawa, anggone nguri-uri budaya jawa supaya ora kageser dening budaya barat.
Basa jawa kang diajarake bisa nambah pangerten kanggo siswa, supaya siswa tambah ngerti yen jawa kuwi sugih kaliyan kabudayan. Aja nganti budaya jawa kuwi ilang amerga wong jawa sing ora gelem nguri-uri budayane dewe.
Basa jawa sing diajarake marang siswa wiwit SD, SMP lan SMA bisa dadi pangerten sing bisa dadi sarana kanggo gawe jawa luwih becik tur luwih luhur. Ora mung budaya barat sing melatarbelakangi para muda jaman saiki. Ananging basa jawa lan budaya jawa sing dadi undering para muda jaman saiki. Basa jawa ora mung dadi muatan lokal ing pamulangan ananging bisa dadi pelajaran kang pada karo pelajaran-pelaaran liyane.
Kabar yen pelajaran basa jawa ing pamulangan bakal di hapus kuwi mung isu sing ora bener. Amarga, ora mungkin basa sing sugih kabudayan kuwi dihapus. Kudu luwih anggone ngajarake babagan basa jawa supaya basa kuwi ora mung dadi muatan lokal tur ora bakal dihapus.
Ing perangan-perangan sing bakal dijelasake ing kene, yaiku perangan pamulangan kanggo siswa SMP lan SMA. Supaya anggone sinau bas jawa kuwi luwih gampang lan uga luwih bisa ngerti jawa kang sabenere.






II.                Perangan Sing Cocog ing Pamulangan
1.      Pujangga kasusastran jawa
Kang kalebu pujangga babagan kasusastran jawa, kayata Empu Kanwa, Empu Panuluh, Empu Triguna, Empu Darmaja lan isih akeh Empu-empu liyane.
Pujangga utawa kawitana, kawindra, kawiwara utawa kawiswara (ing babagan kasusastran jawa) iku kasinungan kalimpadan warna wolu, yaiku:
  • Paramengsastra : ahli ing babagan sastra, ahli basa.
  • Paramengkawi : ahli ing babagan reriptan, ahli ngarang.
  • Awitcarita : pinter ndongeng kang nengsemake
  • Mardawa lagu : pinter ing bab tembang lan gending
  • Mardawa basa : ahli ing bab migunakake basa kang ngresepake, kang njalari trenjuhing ati.
  • Madraguna : wasis banget ing kagunan
  • Nawungkrida : alus pangrasane nganti bisa nanggapi krenteging atine wong liya
  • Sambegana : utama banget (uripe).
Perangan babagan “Pujangga kasusastran jawa” menika, cocog digunakake dening siswa SMA. Amargi perangan kuwi jelasake yen jawa kuwi duwe pujangga-pujangga sing pinter ing babagan apa wae. Siswa SMA kudu ngerteni babagan menika.
2.      Basa kang kanggo ing kasusastran jawa
Basa kang kanggo ing kasusastran jawa ditata kanthi apik, runtut, nganti bisa dadi basa kang endah, ananging ana unda-usuking basa kanggo magerteni babagan menika. Munggah unda-usuking basa jawa  yaiku :
  • Ngoko utawa jawa dwipa : iku digunakake kanggo gunemane bocah pada bocah, wong tuwa marang wong enom ora ngajeni, bendara marang abdine.
  • Ngoko-andap, ana warna loro (antya-basa karo basa-antya)
  • Basa-madya, ana warna telu (madya-ngoko, madyantara, lan madya-krama)
  • Basa karma, ana warna telu (karma lugu muda-krama, lan wreda-krama)
  • Karma-inggil : pamore tembung karma karo karma inggil, digunakake guneman murid marang guru, priyayi marang priyayi
  • Karma-desa : yaiku basane wong-wong desa, pamore yaiku tembung karma utawa karma inggil, migunakake karma inggil marang awake dewe.
  • Basa kasar, lumrahe kedadean saka tembung ngoko lan tembug kasar.
Perangan “basa ing kasusastran jawa” yaiku cocog digunakake ing pamulangan SMP lan SMA, amerga jelasake undhausuking basa lan cara guneman maramg wong liya. Dadi siswa ngerti piye carane guneman sing bener marang wong liya migunakake basa sing trep.

3.      Jenise tembung jawa
          Jenise tembung jawa kuwi ana 10 warna, yaiku :
  • Tembung aran (kata benda)
  • Tembung kriya (kata kerja, verba)
  • Tembung watak (adjektiva, kata sifat)
  • Tembung panerang wasesa (adverbia, kata keterangan)
  • Tembung sesulih (pronomin, kata ganti)
  • Tembungwilangan (numeralia, kata bilangan)
  • Tembung ancer-ancer (preposisi, kata depan)
  • Tembung pangiket (konjungsi, kata sandang)
  • Tembung sabawa (interjeki, kata seru)
Perangan babagan “tembung jawa” kuwi cocog digunakake ing pamulangan siswa SMP lan SMA. Siswa kudu ngerdi babagan tembung-tembung jawa amargi kanggo ngerteneni yen kejaba kata kerja sing ana ing basa Indonesia uga ana tembung aran ing basa jawa lan sapanunggalane.
4.      Panggone tembang limalas tembang
Tembang macapat utawa tembang cilik ana 9 werna, yaiku :
  1. Kinanthi          4. Mijil             7. Sinom
  2. Pucung            5. Maskumambang      8. Dandanggula 
  3. Asmaradana    6. Pangkur                   9. Durma
Tembang tengahan utawa tembang dagelan ana 5 werna, yaiku :
  1. Megatruh (dudukwuluh)         3. Wirangrong             5. Jurudemung
  2. Gambuh                                  4. Balabak
Tembang gede utawa kawi siji, yaiku Girisa.
Ing ngisor iki mungguh watak-watake tembang :
  1. Kinanthi : seneng, asih, tresna
  2. Pucung : kendo, tanpa greget saut
  3. Asmaradana : sengsem, sedih, prihatin, nanging sedih utawa prihatin
  4. Mijil : wedaring rasa
  5. Maskummbang : nelangsa karanta-ranta
  6. Pangkur : sereng
  7. Sinom : gapyak, lan renjah
  8. Dandanggula : luwes, lan resep
  9. Durma : galak lan muntap
  10. Gambuh : rumaket, kulina, wanuh-wani
  11. Megatruh : sedih :putus asa)
  12. Balabak : sembrana parikena
  13. Wirangrong : mrabu, mrabawa
  14. Jurudemung : prenes, nenes-kenes
  15. Grisa : wati-wanti
Perangan “tembang limalas” cocog digunakake ing pamulangan SMP lan SMA. Amerga tembang sing kagolong dadi telung perangan kuwi tembang sing kudu dingerteni siswa nalika sinau basa jawa.
5. Guru-gatra, guru-wilangan, lan guru-lagu
Guru gatra, yaiku cacahe baris saben sagatra (sebait) ing tembang. Guru wilangan, yaiku cacahe wanda utaha kecapan ing gatraning tembang. Guru lagu, yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra utawa baris.
  1. Kinanthi          : 8u,8i,8a,8i,8a,8i,
  2. Pucung                        : 12u,6a,8i,12a
  3. Asmaradana    : 8i,8a,8e,8a,7a,8u,8a
  4. Mijil                 : 10i,6o,10e,10i,6i,6u
  5. Maskumambang :12i,6a,8i,8a
  6. Pangkur           :8a,11i,8u,7a,12u,8a,8i
  7. Sinom              :8a,8i,8a,8i,7u,8i,7u,8i,12a
  8. Dandanggula   :10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i
  9. Durma             :12a,7i,6a,7a,8i,5a,7i
  10. Gambuh          :7u,10u,12i,8u,8o
  11. Gambuh          :12u,8i,8u,8i,8o
  12. Megatruh         :12u,8i,8u,8i,8o
  13. Balabak           :12a,3e,12a,3e,12a,3e
  14. Wirangrong     :8i,8o,10u,6i,7a,8a
  15. Jurudemung    :8a,8u,8u,8a,8u,8a,8u
  16. Grisa                :8a,8a,8a,8a,8a,8a,8a,8a
            Perangan babagan “guru-gatra, guru-wilangan, guru-lagu” dugunakake ing pamulangan siswa SMP lan SMA. Babagan kuwi pasangane yen sinau tembang kudu ngerti telung perangan kuwi. Sukur-sukur siswa bisa nembang uga paham sing di karepake yen tembang kuwi duweni telung peragan kuwi. 
6.      Tembung Saroja
Sing diarani tembung saroja yaiku, tembung rangkep.  Contone : tumpang tindih, tata karma, andap asor, lan isih akeh liyane. Dadi tembung saroja kuwi tembung rangkep utawa tembung sing wis ana pasangane.                                                                                                                                                                                                                 
Perangan babagan “Tembung Saroja” kuwi digunakake ing pamulangan SMA. Amargi, babagan tembung saroja iku butuh pemahaman sing temenan. Kemampuan siswa SMA kanggo mahami babagan kuwi cukup paham.
7.      Tembung Garba (Sandi)
Tembung garba yaiku tembung sing penggambarane kanthi katrangan ing perangan sandi asma. Kejaba kuwi, sing diarani tembung garba yaiku tembung rerangken, tembung sesambungan kang ana img sajroning tembang.tembug sing maksud yaiku asma utawa jeneng  sing biasane ana ing ngarep, tengah, lan pungkasaning ukara. Asma sing kasebut kuwi ngemu makna lan arti.
Perangan “Tembung Garba”, yaiku perangan sing digunakake ing pamulangan siswa SMA. Amargi, tembung sing kalebu tembung garba kuwi tembung sing ngemu makna kang jarang ditemoni ing ukara utawa babagan liyane. Tembung kuwi disamarake kanthi asma ing sajroning tembang. Siswa SMA kudu bisa ngerteni sing jenenge sandi asma utawa tembung garba kanggo ngerti asma-asma ing sajroning tembang.
8.      Rura Basa
Sing diarani tembung rura basa yaiku tembung sing rusak, tembung sing ora bisa di benerake amerga wis umum digunakake ing pakulinan saben dina. Contone : nggodhok wedang, menek klapa, lan isih akeh tembung-tembung liyane.
Perangan babagan ”Rura basa” yaiku babagan sing cocog digunakake ing pamulangan siswa SMP lan SMA, amarga kanggo ngerteni yen tembung-tembung sing digunakake ing saben dina kuwi ora luut saking kaidah sing bener. Kedadean Rura Basa kuwi saking pakulinan pangucapan sing di anggep kepenak.  Mula, siswa kudu ngerteni babagan kuwi.
9.      Kereta basa
Sing diarani tembung kereta basa yaiku tembung kang ditegesi kanthi kapirid saka wanda utawa kecap-kecape tembung iku. Kereta basa kuwi tembung kang disingkat. Kayata, dubang(idu abang), tuwa(ngenteni metune nyawa), prawan (yen peparakudu ing wayah awan).
Perangan “kereta basa” digunakake ing pamulangan SMP lan SMA. Amarga kereta basa punika babagan sing nyenengake anggone nyinauni. Siswa SMP lan SMA kudu ngerti babagan kuwi kanggo pembelajaran lan wawasan.
10.  Tembung Entar
            Sing diarani tembung entar yaiku tembung sing ora kena ditegesi mung sawantahe wae. Tembung sing cara nggambarake babagan kanthi pengumpamaan kak.  Contone : gedhe endhase (gumudhe), lunyu ilate(gunemane mlenca-mlence) lan sapiturute.
Perangan”tembung entar” kuwi perangan sing cocog digunakake ing pamulangan SMP lan SMA, amarga tembung kuwi tembung kang ngandharake sifate manungsa ananging diandharake kanthi alus utawa pengumpamaan. Siswa kudu ngerti babagan kuwi kangge ngerteni sing jenenge tembung entar. 
11.  Paribasan
Paribasan yaiku tembung siji sing ora kena diganti tembung liyae, namung siji pasangane. Unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindan. Contone : yatna, yuwana, lena, kena, adigang adigung adiguna, lan liya liyane.
Perangan”paribasan” digunakake ing pamulangan SMP lan SMA. Babagan kuwi babagan unen-unen sing ngemu teges kang akeh maknane. Siswa kudu ngerteni babagan kuwi kanggo ngerteni tembung-tembung kang endah.
12.  Bebasan
Sing diarani bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, ngemu teges entar, ngemu surasa pepindan. Kang di pepindakake kaanane utawa sesipatane wong. Contone : lanang kemangi (wong lanang kang jirih), ora gandja ora unus (rupane ala atine ala), lan isih akeh kang kagolong bebasan.
Perangan babagan “bebasan” yaiku perangan sing digunakake ing pamulangan SMP lan SMA. Babagan kuwi babagan kang njelasake marang pembaca khususe siswa SMP lan SMA kanggo ngerteni sing kaaran bebasan. Uga ngerti yen jawa kuwi ngemu tembung-tembung sing endah.
13.  Saloka
            Sing kanga ran saloka yaiku unen-unen kang kaaran tembung entar ngemu surasa pepindan, sing dipepindakake yaiku wonge.contone : gajah ngidak rapah(wong kang nglanggar janjai utawa peraturane dewe, kebo nusu gudel(wong tuwa kang jaluk wuruk marang wong luwih enom) lan isih akeh sing diarani tenting saloka.
Perangan babagan “saloka” yaiku perangan kang digunakake ing pamulangan SMP lan SMA, amarga tembung kuwi tembung kang endah, yen dingerteni dene siswa ora susah. Tembung paribasan bebasan lan saloka kuwi telung perangan sing kudu digunakake kanggo ing pamulangan siswa SMP lan SMA supaya siswa ngerti tembung-tembung kang endah tur ngemu makna kuwi kaya ngapa lan diarani apa.
14.  Cangkriman
Cangkriman yaiku tetembungan utawa unen-unen sing kudu dibatang maksude.  Cangkriman kuwi kagolong dadi patang perangan yaiku :
    1. Cangkriman kang awujud wancahan, contone : pak bo letus(tepak kebo ana lelene satus), burnas kopen(bubur panas kokopen)
    2. Cangkriman kang awujud pepindhan, contone : pitik walik saba kebon (nanas),emboke dielus-elus anake diidak-idak(anda), lan isih akeh liyane.
    3. Cangkriman kang ngemu surasa blenderan, contone : ula-ula (balung geger),melek sakjam(melek sing gedene pada karo jam)
    4. Cangkriman liya-liyane.
Perangan babagan “cangkriman” yaiku perangan sing digunakake nalika ing pamulangan SMA lan SMP. Amarga babagan kuwi njelasake tembung-tembung sing cara nggambarake perkara utawa babagan kanthi pengumpamaan kang alus. Dadi siswa kudu ngerti babagan kuwi kanggo ngerteni yen barang utawa perkara kuwibisa di umpamakake kanthi alus, utawa bisa kasebut teka-teki yen cangkriman kuwi awujud wancahan. Siswa kudu bisa ngerteni macem-macem cangkriman.
15.  Dasanama
Sing diarani dasanama yaiku ateges jeneng kang nganti sepuluh kehe, utawa wong siji kang ngemu jeneng nganti sepuluh.
Perangan babagan “dasanama” yaiku perangan kang digunakake ing pamulangan SMP lan SMA, amarga perangan kuwi menehi ngerti yen manungsa kuwi bisa duweni jeneng nganti akeh,  siswa kudu ngerteni maksud kang diandharake babagan perangan kuwi.
16.  Pepindan
Pepindan yaiku unen-unen kang ngemu surasa. Kang manut dapukane ukara. Contone : gajah ngidak ripah, renggang gula, lan liya-liyane.
Perangan babagan “pepindan”  yaiku perangan kang digunakake ing pamulangan SMA. Amarga babagan sing kaaran pepindan kuwi babagan kang ngandarake endahing basa ananging perlu migunakake pemahaman sing tlaten.
17.  Candra
            Sing diarani candra yaiku nggambarake utawa amarna. Kaendahan utawa kaanan sarana pepindan. Contone : drijine mucuk eri, bangkekane nawon kemit, laune macan luwe, lan isih akeh sing diarani candra. Dadi candra kuwi carne nggambarake kahanan kanthi endah.
kudu ngerti yen anggota badan kuwi bisa diumpamakake nganggo bahasa kang endah. Perangan “candra” yaiku perangan kang digunakake ing pamulangan SMP lan SMA. Siswa
18.  Gugon tuhon
Gugon tuhon tembung kang wewatakane gampang nggugu lan mituhu marang gunem utawa dedongenge kang pancen ora kudu digugu. Gugon tuhon kaperang dadi teleung perangan, yaiku ;
a.       Gugon tuhon ang isi wasita sinandi, contone : jndela menga (srengenge wis mh surup), made tanpa lingkapan (omah tanpa digelari klasa).
b.      Gugon tuhon kang salugu, contone : omah bubrah( gawe omah hurung rampung nanging wis mbruk).
c.       Gugon tuhon kang kalebu pepali(wewaler).
Perangan “gugon tuhon” kuwi perangan kang ora digunakake ing pamulangan SMP lan SMA, amarga basa angel dipahami kaliyan siswa ing tingkatan SMP lan SMA.
19.  Purwakanti
Sing diarani purwakanti yaiku, nggandheng kang ana ing wiwitan. Maksude sing digandeng kuwi swara lan aksarane ing perangan ngarep. Purwakanti kuwi kaperang dadi telung peranagn yaiku:
  • Purwakanti guru swara
  • Purwakanti guru sastra
  • Purwakanti lumaksita (purwakanti basa).
Perangan babagan “purwakanti” yaiku perangan kang ora cocog digunakake ing pamulangan siswa SMP lan SMA, amarga siswa nalika ig bangku sekolah lagek digenalake babagan tembang sing ana tahap pengenalan. Ananging yen purwakanti yaiku bahasane nalika digunakake ing pamulangan SMP lan SMA kurang efektif ing kalangan siswane.
20.  Susulan
Susulan sing cocog digunakake ing pamulangan SMP utawa SMA, yaiku :
  1. Tembung camboran, contone : uba rampe, greget saut
  2. Tembung kosok balen, contone : jata-lena, siyang-ratri, nom-tuwa
  3. Kriya awujud lingga, contone : kembul bujana,asung pitulung
Perangan ing duwur yaiku babagan sing digunakake nalika ing pamulangan SMP utawa SMA, amarga tembung-tembung kuwi tembung kang biasane di temoni ing sabendinane. Dadi kanggo taraf siswa SMP lan SMA cukup anggene mahami babagan kuwi.
21.  Windu
Sing diarani windu yaiku, arane petungan wektu, sawindu ana 8 tahun, araning wektu yaiku : alip, ehe, jimawal, je, dal, be, wawu, jimakir.
Perangan babagan “windu” digunakake ing pamulangan SMP utawa SMA. Babagan kuwi yaiku babagan kang kudu dingerteni kaliyan masarakat jawa wiwit paling ora ing pamulangan SMP. Amarga, dadi wog jaw kuwi kudu ngerti babagan wektu kang ana ing jawa.




III.             Penutup

            Kanthi perangan-perangan sing dijelasake ing dhuwur, kanggo siswa SMP lan SMA kudu ngerti babagan-babagan kang wis diandarake. Pembahasan sing diandharake ing duwur, wiwit unggah-unggah basa sing trep, tembung-tembung sing ngemu basa-basa kang endah lan isih akeh babagan kang dijelasake ing perangan ing duwur bisa dadi bahan pamulangan kanggo siswa-siswa ing bangku sekolah.
Ing penjelasan sing diandharake ing dhuwur kuwi babagan isi  sing cocog kanggo ing pamulangan SMP lan SMA. Supaya anggone njlentrehake babagan pelajaran ing basa jawa kuwi luwih mligi (khusus). Mula saking penjelasan kuwi bisa dadi sub bab kang trep kanggo pamulangan SMP utawa SMA.
Wong jawa kuwi kudu ngerti babaga sing kudu di ngerteni dening wong jawa. Akeh babagan kang kudu dingerteni, wiwit saka jeneng-jeneng wektu ing windu, dasanama, uga tembang-tembang sing dadi undering kang ana ing jawa khususe budaya jawa.
Tembung-tembung endah sing ngandharake kanthi alus babagan werna-werna. Dadi, perlu dingerteni yen penjelasan sing wis diandarake kuwi babagan pamulangan kang manfaat tur migunani marang siswa. Sukur-sukur siswa luwih seneng yen sinau basa jawa amerga basa kuwi akeh banget kang kudu dingerteni lan akeh tembung-tembung kang endah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar