Purwakanthi
Purwakanthi memper tegese karo
sajak utawa rima. Sabenere, jinis lan jenenging purwakanthi uga ora akeh,
yaiku: purwakanthi guru swara, manawa kang runtut swarane (lumrahe swara aksara
menga/vokal); purwakanthi guru sastra, manawa kang runtut aksarane; purwakanthi
guru basa lan purwakanthi lumaksita.
A.Purwakanthi swara
Purwakanthi swara yaiku unen-unen kang runtut swarane
(vokal) Tuladha:
- Gemi setiti ngati-ati
- Bungah susah iku lumrah
- Desa mawa cara negara mawa tata
- Aku lara paling para
B.Purwakanthi sastra
Purwakanthi
sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan) Tuladha :
- Tata titi Tatas titis
- Cecer cicir cewet
- Kala kula kelas kalih kula kulak kalo
C.Purwakanthi basa/lumaksita
Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unen-unen kang
kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra
kapindho. Thuladha :
- Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
- Bayem arda, ardane ngrusak busana
- Kolik priya, priyagung anjani putra
4. Purwakanthi lumaksita
·
Urip iki ora angel,
·
angele sok ginawe dhewe,
·
dheweke tan ngrasa bisa,
·
bisane mung nyadhong dhawuh,
·
dhawuhe Kang Murba Amasesa.
·
Ngelmu iku luwih pangaji,
·
ajine datanpa tandhing,
·
tandhingna bandha lan arta,
·
arta iku gampang sirna,
·
sirnane tan petung wektu,
·
wektune ilang saben mangsa,
·
mangsa iku gunakna ngupadi ngelmu.
5. Kajaba iku uga bisa migunakake istilah:
purwakanthi purwawanda, purwakanthi madyawanda, wasanawanda, purwagatra,
wasanagatra, lan sapanunggalane.
Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut
basa utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa,
dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra. Purwakanthi bisa awujud
ukara lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang.
Sumber: http://mustofaalmahfud.blogspot.co.id/2013/05/purwakanthi-bhs-jawa.html