Senin, 21 Desember 2015

Purwakanthi

Purwakanthi

Purwakanthi memper tegese karo sajak utawa rima. Sabenere, jinis lan jenenging purwakanthi uga ora akeh, yaiku: purwakanthi guru swara, manawa kang runtut swarane (lumrahe swara aksara menga/vokal); purwakanthi guru sastra, manawa kang runtut aksarane; purwakanthi guru basa lan purwakanthi lumaksita.
A.Purwakanthi swara
Purwakanthi swara yaiku unen-unen kang runtut swarane (vokal) Tuladha:
  • Gemi setiti ngati-ati
  • Bungah susah iku lumrah
  • Desa mawa cara negara mawa tata
  • Aku lara paling para
B.Purwakanthi sastra
Purwakanthi sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan) Tuladha :
  • Tata titi Tatas titis
  • Cecer cicir cewet
  • Kala kula kelas kalih kula kulak kalo
C.Purwakanthi basa/lumaksita
Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho. Thuladha :
  • Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
  • Bayem arda, ardane ngrusak busana
  • Kolik priya, priyagung anjani putra
4. Purwakanthi lumaksita
·         Urip iki ora angel,
·         angele sok ginawe dhewe,
·         dheweke tan ngrasa bisa,
·         bisane mung nyadhong dhawuh,
·         dhawuhe Kang Murba Amasesa.
·         Ngelmu iku luwih pangaji,
·         ajine datanpa tandhing,
·         tandhingna bandha lan arta,
·         arta iku gampang sirna,
·         sirnane tan petung wektu,
·         wektune ilang saben mangsa,
·         mangsa iku gunakna ngupadi ngelmu.
5. Kajaba iku uga bisa migunakake istilah: purwakanthi purwawanda, purwakanthi madyawanda, wasanawanda, purwagatra, wasanagatra, lan sapanunggalane.
Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang.

Sumber: http://mustofaalmahfud.blogspot.co.id/2013/05/purwakanthi-bhs-jawa.html 

Sabtu, 19 Desember 2015

basa lan sastra wayang


B.    Basa lan Sastra Wayang

Basa lan sastra menika mujudaken peranganipun budaya Jawi, menawi dipuntaliti lan kadhudhah utawi kababar isinipun sanget migunani tumrap bebrayan agung. Kalebet basa lan sastra wayang ingkang minangka budayanipun masarakat Jawi kawastanan adiluhung, jalaran anggenipun ngandharaken ngginakaken basa Jawi baku lan endah (estetis) utawi basa rinengga. Pramila wonten pamanggih bilih basa lan sastra wayang menika minangka “kata berjiwa”, tembung-tembungipun anggadhahi kekiyatan raosipun pangripta (Slametmuljana, 1956:4).
Basa lan sastra wayang ngemot rasa (raos) lan surasa (teges); rasa tegesipun pangraos utawi babagan kaendahan anggenipun ngginakaken tembung-tembung utawi ukara. Wondene surasa tegesipun makna utawi tegesipun tembung-tembung utawi ukara utawi unen-unen (ungkapan-ungkapan) ingkang kaginakaken dhalang salebitipun anggelar wayang. Pramila basa lan sastra wayang kalebet ragam literer utawi jenisipun basa lan sastra ingkang endah; ingkang dipun-ngrembakakaken para pujangga, seniman kanthi kekiyatanipun imajinasi saha lantiping raos.
Basa lan sastra wayang saged kaperang wonten 4 (sekawan), inggih menika: janturan, pocapan, ginem/ antawacana, lan suluk (Bambang Murtiyoso, 1983; 9); wujudipun saged gancaran ‘prosa’ lan basa pinathok ’puisi’. Ginem ing basa lan sastra wayang menika wonten 2 (kalih), inggih menika basa blangkon (klise) lan bebas. Basa blangkon ‘klise’ mujudaken basa ingkang sampun gumathok lan saged kaginakaken sawanci-wanci, lan saged dipun-ginakaken wayang menapa kemawon; tuladhanipun basa ing jejer ‘adegan’, gapuran, padupan. Basa bebas inggih menika basa ingkang panganggenipun gumanthung wonten wosipun cariyos utawi lakon ‘cerita’ utawi perkawis ingkang karembag salebetipun adegan utawi jejer (Soetrisno, 1976:24)
Catur utawi ginem salebeting basa lan sastra wayang menika wigatos sanget kangge mangertosi piwulang-piwulang utawi ajaran-ajaran ingkang kababar saha kaandharaken lumantar teks utawi naskah-naskah ing cariyos wayang ingkang isinipun saged kaginakaken kangge salah satunggaling sarana andadar miwah anggulawenthah kapribaden ingkang utami lan dhemen labuh labet sarta mranata bangsa lan nagari.

Kapetik saking: piwulang basa jawa

Senin, 14 Desember 2015

tembung camboran


Tembung Camboran
Tembung camboran yaiku rong tembung utawa luwih kang kagandheng dadi siji. Tembung amboran kaperang dadi loro, yaiku:
1.      Camboran Wutuh
Yaiku tembung camboran minangka camboran sing wujude digabung, sahingga ngasilake siji makna.
a.       Bakul kacang, pamong desa, jaga baya, meja tulis, lemari kaca, buku gambar.
b.      Anjani putra, pancasila, barata yuda, dwiwarna, wijaya kusuma.
c.       Lanang wadon, bapa biyung, abot entheng, gedhe cilik.
d.      Dewa-dewi, putra-putri, bathara-bathari.
e.       Bibit kawit, edi peni, jalma manungsa.

2.      Camboran Wancah
Yaiku, tembug camboran kang arupa camboran sing wujude kapisah lan maknane isih gabung, saliyane kuwi unsur isih bisa digoleki.
Tembung camboran wancah
Tugelan siji
Tugelan loro
bangsuk
Abang
pucuk
bangjo
Abang
ijo
barbeh
bubar
kabeh
dhekmu
Gedhe
lemu
dhekwur
endhek
dhuwur
kakkong
tungkak
bokong
tekting
entek
Nglinthing







 Kapetik saka: Nguri-uri Basa Jawi VII-A


patokan Macapat

Pathokan Tembang Macapat
a.       Guru gatra       : cacahe larik utawa baris saben sak pada utawa bait
b.      Guru wilangan : cacahing wanda utawa suku kata saben sak gatra
c.       Guru lagu        : tibanig aksara swara vokal A,I,U,E lan O ing saben pungkasaning gatra
d.      Titi laras          : angka-angka lelirune gamelan (notasi)
Titi laras ana 2 werna, yaiku:
1.      Laras pelog
Laras pelog nggunakake angka-angka 1234567 ana ing tembang.
2.      Laras slendro
Laras slendro nggunakake angka-angka 12356 ana ing tembang.
e.       Cakepan          : tembung-tembung sing ana ing tembang macapat utawa lirik lagu.


























 Kapetik saking: Nguri-uri Basa Jawi VII-A



parikan

PARIKAN
Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi. Parikan kuwi kaya pantun nanging mung rong larik, parikan migunakake purakanthi guru swara.
Paugeran utawa pathokakane parikan
-          Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho
-          Ukara sing ngarep kanggo pambuka, dene ukara sabanjure minangka isi utawa wos.
-          Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho.
-          Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.
Tuladha parikan

1.      Parikan (4 wanda +4 wanda)
-          Pitik blorok manak siji
Jare kapokk malah ndandi
-          Nyangking ember kiwa tengen
Lungguh jejer gawe tamba kangen

2.      Parikan (4 wanda + 6 wanda)
-          Bisa nggender ora bisa ndemung
Bisa jejer ora bisa nembung
-          Manuk emprit menclok godhong tebu
Dadi murid sing sregep sinau

3.      Parikan (3 wanda + 5 wanda)
-          Bayeme wis kuning-kuning
Ayeme yen wis nyandhing
-          Timune diiris-iris
Gumune ora uwis-uwis

4.      Parikan (4 wanda + 8 wanda)
-          Klapa sawit wite dhuwur wohe alit
Isih murid aja seneng keceh dhuwit
-          Kembang menur sinebar den awur-awur
Yen wis mkmur aja lali mring sadulur

5.      Parikan (8 wanda + 8 wanda)
-          Gawe cao nangka sabrang
Kurang sirup luwih banyu
Aja awatak gumampang
Den sengkut nggregut sinau
-          Jangan kacg winor kara
Kaduk uyah kurang gula
Piwelingku mring pra siswa
Aja wedi ing rekasa

6.      Parikan padinan
-          Ngetan bali ngulon
Tiwas edan ora klakon
-          Pitik walik jambu wulung
Dilirik wadul mring kakung



































 Kapetik saka Nguri-uri Basa Jawi VII-A